Pepanthan kapustakan
Praèn

Pepanthan kapustakan iku sistem kanggo nata barang-barang kapustakan miturut jejeré. Pepanthan kapustakan nganggo sistem notasi sing nglambangaké urutan rembug. Sistem iki ngudokaké barang-barang kapustakan murih ditata manut urutan iku. Sistem-sistem pepanthan kapustakan nunggalaké barang-barang sing magepokan, racaké ditata mawa hirarki. Sistem pepenthan liya, ya iku pepanthan fasèt, uga akèh panganggoné. Mawa sarana iki pepanthan warna-warna bisa tinerap ing sawiji barang lan bisa diurutaké manéka cara. Angka pepanthan kapustakan minangka tengeré sumber-sumber wacan. Tenger iki béda saka sistem International Standard Book Number (ISBN) utawa International Standard Serial Number (ISSN).
Tegesing tembung-tembung
[besut | besut sumber]| Cara Jawa | Cara Indonésia |
|---|---|
| pepanthan | klasifikasi |
| kapustakan | pabukon |
| rembug | topik |
| ngudokaké | mengharuskan |
| murih | supaya |
| nuggalaké | mengumpulkan jadi satu |
| magepokan | berkaitan |
| racaké | biasanya |
| panganggo | pemakaian |
| tinerap | diterapkan |
| tenger | penanda |
Rujukan
[besut | besut sumber]- Chan, Lois Mai. (1994) Cataloging and Classification: An Introduction, second ed. New York: McGraw-Hill,. ISBN 978-0-07-010506-5, ISBN 978-0-07-113253-4.