Misa: Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Addbot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Migrating interwiki links, now provided by Wikidata on d:q132612
EmausBot (parembugan | pasumbang)
c Bot: Migrating 2 interwiki links, now provided by Wikidata on d:Q132612
Larik 14: Larik 14:
[[Kategori:Istilah jroning Gréja Katulik Roma]]
[[Kategori:Istilah jroning Gréja Katulik Roma]]
[[Kategori:Misa Katulik]]
[[Kategori:Misa Katulik]]

[[bat-smg:Švėntas Mėšės]]
[[simple:Mass (liturgy)]]

Révisi kala 24 Sèptèmber 2013 02.37

Misa iku prayaan ekaristi jroning ritus liturgi Kulon saka Gréja Katulik Roma, tradhisi Anglo-Katulik jroning Gréja Anglikan, lan sawetara Gréja Lutheran. Ing negara-negara Baltik lan Skandinavia, ibadah ekaristi Gréja Lutheran uga disebut "Misa".

Istilah Misa asal saka tembung basa Latin kuna missa sing sacara harafiah tegesé lunga mencar utawa diutus. Tembung iki dianggoijroning rumusan pengutusan ing bagéan pungkasan Perayaan Ekaristi sing uniné "Ite, missa est" (Budhala, tugas perutusan wis diwènèhaké) sing jroning Tata Perayaan Ekaristi ing Indonésia dianggo rumusan tembung "Ayo lunga. Kita diutus."[1]

Edhisi pungkasan (2002) saka Missale Romanum

Prayaan Ekaristi ing Gréja-Gréja Wétan, kalebu Gréja-Gréja Wétan sing ana ing sajeroning persekutuan penuh karo Tahta Suci Roma migunakaké istilah liya, umpamané Liturgi Suci, Qurbana Kudus, lan Badarak. Denominasi Kulon sing ora dumunung jroning pasekuton penuh karo Gréja Katulik Roma, kaya Kekristenan Calvinis, biasané luwih seneng migunakaké istilah liya.

Deleng uga

Rujukan

  1. Missa iku tembung Latin kuna sing maknané padha karo tembung Latin klasik missio (The Liturgy of the Mass di Catholic Encyclopedia). "Sacara harafiah missa tegesé 'pambubaran'. Ananging jroning Kakristenan tansaya suwé tembung missa dimaknai sacara luwih jero. Tembung 'pambubaran' digandhèngaké karo pangembanan sawijining 'misi'. Tembung iki mratélakaké sipat misioner saka Gréja" (Pope Benedict XVI, Sacramentum caritatis, 51).