Menyang kontèn

Logika matématika

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Logika matématika.

Logika matématika ya iku cabang logika lan matématika kang ngandhut kajian matématis logika lan aplikasi babagan-babagan liya sajabaning matématika. Logika iki magepokan karo èlmu komputer lan logika filosofis. Punjer sajroning logika matématika antarané kakuwatan èksprèsif saka logika formal lan kakuwatan dhedhuktif saka sistem pambuktèn formal. Logika matématika kerep dipérang dadi cabang-cabang saka téyori himpunan, téyori modhèl, téyori rékursi, téeori pambuktèn, lan matématika konstruktif. Babagan-babagan iki duwé asil dhasar logika kang padha.