Kutukan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Kutukan inggih punika wewales saking tumindak ingkang awon ingkang naté dipunlampahi tiyang sanès. Lajeng manawi kutukan wonten saklebeting Mahabharata sinebut karma ingkang dipuntampi déning para paraga wonten ing cariyos Mahabharata saking kalepatan utawi angkara murka. wonten kutukan langkung saking satunggal wonten ing cariyos Mahabharata ingkang dipunwiwiti saking lairipun Pandhawa ngantos dumugi wusananipun perang Bharatayuda.

Kutukan Syakuntala Dhateng Raja Dushmanta[besut | besut sumber]

Syakuntala inggih punika putra saking Dewi Menaka, widadari saking saking kayangan mawi krama kaliyan Resi Wiswamitra. Bayi ingkang nembé dipunlairaken déning Dewi Menaka lajeng dipunpapanaken wonten ing pinggiripun Lepen Gangga. Sampun dados pesthining Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, bayi ingkang suci punika dipunlindungi déning Peksi Syakuntala ingkang saderengipun dipunpundhut putra pulung dhateng Resi Kanwa. awit saking punika, kamangka bayi punika dipunparing nama Syakuntala. Syakuntala ageng wonten ing wana dados putri ingkang ayu. Ing salah sawijining dinten, Raja Dushmanta gadhah kekarepan sowan dhateng dalemipun resi Kanwa ing saklebeting wana. Lajeng tepang kaliyan Syakuntala, boten dangu Syakuntala dipunlamar kaliyan Raja Dushmanta. Nanging Syakuntala gadhah syarat, bilih mangke manawi sampun dipungarwa, Syakuntala kedah dados permaisuri saha putra punika dados putra makutha. Sasampunipun krama, Raja Dushmanta kondur dhateng pura lajeng Syakuntala tetep kaliyan Resi Kanwa. Boten dangu Syakuntala nglairaken putra, sasampunipun umur tigang taun, Syakuntala lan putra sowan pura ingkang maksudipun badhé nedhahaken putra dhateng Raja Dushmanta. Nanging raja malah boten ngakoni, lajeng Syakuntala ngutuk bilih Raja Dushmanta badhé kena cilaka. Boten dangu wonten swara ghaib bilih kutukan saking Syakuntala saged dados kasunyatan bilih Raja Dushmanta boten nrima Syakuntala kaliyan putra. Pungkasanipun Raja sadar lan nrima Syakuntala malah dadosaken putra punika dados putra makutha lan dipunparing nama Bharata. Bharata punika ingkang nurunaken para Pandhawa saha Kurawa.

Kutukan Resi Wasistha terhadap para wasu[besut | besut sumber]

Resi Wasistha inggih punika salah satunggaling paraga agama ingkang dipunurmati. Resi Wasistha misuwur minangka pertapa ingkang gadhah ngèlmu ingkang inggil saha manéka warna kasekten. Para déwa sampun mangertos kasektenipun Resi Wasistha, awit saking punika para déwa uasaha, menapa kemawon supados wonten ing laku tapa punika Resi saged gagal. Wonten ing pertapan Resi gadhah klangenan ingkang punika kéwan Lembu Andhini. Lembu Andhini punika elok sanget rupanipun ugi gadhah kasekten wonten ing susunipun. Sinten kemawon ingkang ngunjuk susu punika bakal gesang saklawase, boten bakal mati. Awit saking punika, boten gumun bilih kathah tiyang ingkang kepéngin gadhah Lembu Andhini. Wonten ing salah satunggaling dinten para wasu utawi déwa, kesah wonten ing wana kaliyan para garwanipun. Nalika sampun wonten ing wana, para wasu dugi wonten ing pertapanipun Resi Wasistha. boten dangu para garwa wasu kalawau kepincut dhateng Lembu Andhini, salah satunggal garwa wasu punika nyuwun supados Lembu Andhini punika dipunpondhong wonten ing kayangan. Wanci makaten kalawau Resi Wasistha saweg boten wonten ing pertapanipun.