Menyang kontèn

Kringle

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kringle
Kringle
JinisPastry
Tlatah utawa prajaSkandinavia
Buku masakan: Kringle  Médhia: Kringle

Kringle (/ˈkrɪŋɡəl/) iku sawijining jinis roti saka Éropah Lor, variasi saka pretzel. Pretzel iku digawa déning para biarawan Katulik Roma ing abad kaping 13 menyang Dhènemarken, lan saka kana nyebar saindhenging Skandinavia. Sawisé iku owah dadi sawetara jinis roti legi, asin, utawa isènan, lan kabèh wujudé mèmper pretzel sing digawé simpul.

Ing basa Dhènemarkan lan Nurwégen tembungé iku kringle; ing basa Èslan: kringel; basa Lètlan: kliņģeris; basa Swèdhen: kringla; basa Finlan: rinkeli; basa Jerman: Kringel, lan Èslan: kringla. Tembung iki asalé basa Nurwègen Kuna kringla sing tegesé ali-ali utawa kubeng.

Ing Walanda, sajinising kringle legi diarani krakeling ing basa Walanda.