Kodon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tabel kodon dan protéin yang disandikan

Kodon (kodhe genetik) inggih punika dèrèt nukleotida ing mRNAingkang kapèrang saking kombinasi tiga nukleotida urut[1] yang menyandi suatu asem amino tertentu[2] pramila asring dipunsébat dados kodon triplet.[3] Asam aminoingkang dipunsandiakén tuladhanipun metionin déning urutan nukleotida ATG (AUG pada RNA).[3] kathah asem amino ingkang dipunsandiaken kaliyan langkung saking satunggal jénis kodon.[4] Kodon panggènanipun ing molèkul mRNA.[5] Penerjemahan mRNA dados protéin dipunlampahi ing ruas penyandi ingkang diapit déning kodon awal (AUG) dan kodon pungkasan (UAA, UAG utawa UGA), ruas punia dipunsebat gen.[6] Kodon ing molèkul mRNA saged nyandi asem-asem amino jalaran bantuan interpretasi kodon déning tRNA.[5] Saben tRNA mbeta satunggal jinis asem amino ingkang jumbuh kaliyan tiga urutan nukleotida utawi triplet ingkang dipunsebat kaliyan antikodon ingkang wonten ing simpul antikodon tRNA.[5] Antikodon ningkataken piyambak kanthi komplementer ing kodon ing mRNA, pramila asem amino ingkang dipunbeta déning tRNA jumbuh kaliyan kodon ingkang wonten ing mRNA.[5]. pesan genetik dipuntransalsi kodon demi kodon kaliyan cara tRNA mbeta asem amino jumbuh antikodon ingkang komplementer kaliyan kodon saha ribosom ingkang gegayutan asem-asem amino mau dados suatu rantai polipeptida.[5] Ribosom nambahaken saben asem amino ingkang dipunbeta déning tRNA ing ujung rantai polipeptida ingkang sedeng tukul.[5]

Kodon Wiwit saha Kodon Pungkasan[besut | besut sumber]

Kodon pada RNA

Kodon wiwit punika kodon punika ingkang sapisan ingkang dipuntegesaken ing translasi utawi dipunsebat ugi kodon inisiasi (AUG ingkang nyediaken metionin).[7] sanèsipun kodon inisiasi, kanggé miwiti translasi dipunbetahaken ugi sekuen utawi situs ingkang dipunsebat Shine-Dalgarno kanggé nepangaken déning ribosom ugi kanggé bantu kaliyan faktor inisiasi (wujud tiga jinis protéin).[7]

Kodon pungkasan punika salah satunggaling saking tiga kodon, ya iku UAG, UAA saha UGA.[8] Kodon pungkasan ugi dipunsebat kodon terminal ingkang boten nyandiaken asem amino.[8] Kodon pungkasan nyebapaken prosès translasi ingkang pungkasan kaliyan bantuan faktor nguwalaken kanggé nguwalaken ribosom..[8] Kodon inggih punika sekuens tiga-nukleotida saking DNA utawi mRNA ingkang spesifikasiaken asem amino katamtu utawi sinyal terminal unit dhasar saking kodhe genetik. [9].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Anthony JF Griffiths, Jeffrey H Miller, David T Suzuki, Richard C Lewontin, and William M Gelbart (2000). An Introduction to Genetic Analysis. University of British Columbia, University of California, Harvard University (édhisi ka-7). W. H. Freeman. kc. Genes as determinants of the inherent properties of species. ISBN 0-7167-3520-2. Dibukak ing 2010-08-17.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  2. Anthony JF Griffiths, Jeffrey H Miller, David T Suzuki, Richard C Lewontin, and William M Gelbart (2000). An Introduction to Genetic Analysis. University of British Columbia, University of California, Harvard University (édhisi ka-7). W. H. Freeman. kc. Glossary - Codon. ISBN 0-7167-3520-2. Dibukak ing 2010-08-17.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  3. a b Yuwono T. 2005. Biologi Molekuler. Jakarta: Erlangga.
  4. Dale JW & Park SF. 2004. Molecular genetics of Bacteria. Chichester: John Willey & Sons Ltd.
  5. a b c d e f Campbell NA, Reece BJ, Mitchell LG. 2002. Biologi. Jakarta: Erlangga
  6. Jusuf M. 2001. Genetika I: Struktur dan Ekspresi Gen. Jakarta: Sagung Seto
  7. a b Touriol C, Bornes S, Bonnal S, Audigier S, Prats H, Prats AC, Vagner S. 2003. Generation of protéin isoform diversity by alternative initiation of translation at non-AUG codons. Biol. Cell 95 (3-4): 169–78
  8. a b c Maloy S. 2003. Microbial Genetics Course. San Diego University
  9. >Campbell,Neil A,dkk."BIOLOGI Edisi Kedelapan Jilid 1".ISBN.Erlangga.Jakarta.(2008:A-18)