Klausa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Klausa punika urutanipun tembung ingkang gadhah fungsi predikatif. Ing konstruksinipun klausa, predikat utawi wasesa dados unsur wajib. Tembung ingkang boten gadhah predikat utawi wasèsa boten saged dipunsebut klausa.

Jinisipun Klausa[besut | besut sumber]

Berdasar Struktur[besut | besut sumber]

Berdasar struktur, klausa dipunpérang dados kalih, Klausa bébas kalèan klausa terikat. Klausa bébas punika ingkang kangungan struktur kalimat lengkap, kirang-kirangipun namung gadhah subyèk kalèan predikat. Amargi makaten, klausa bébas saged dados kalimat tunggal. Klausa terikat, klausa ingkang strukturipun boten lengkap. Saged boten namung subjek, objek, utawi katrangan. Amargi makaten, klausa terikat boten saged dados kalimat tunggal, sagedipun dados anak kalimat.

Berdasarkan ukara négatif ingkang Gramatik Menegatifkan Predikat[besut | besut sumber]

Saking jinisipun meninka, klausa dibagi dados kalih, inggih punika klausa positf, kaliyan klausa nègatif.[1] Bedanipun klausa négatif dipuntandai kaliyan ukara boten, lsp [1]

Berdasar Kategori Frasa ing Predikat[besut | besut sumber]

Predikat saged kasusun saking ukara utawi frasa, frasa nominal, verbal, bilangan, lsp. Saking kategori makaten, klausa saged dipunpérang dados 3:

Klausa Nominal[besut | besut sumber]

Klausa nominal punika klausa ingkang predikat utawi wasesa saking frasa utawai frasa nominal.

Klausa Verbal[besut | besut sumber]

Klausa verbal punika klausa ingkang predikat utawi wasesa saking frasa utawai frasa verbal.[1] Kata golongan Verbal ing tataran klausa fungsinipun dados predikat, lan boten saged didadosaken ukara négatif.[1] Saking ukara verbal, klausa verbal saged dibagi dados makaten:

  1. Klausa Verbal Adjektif: kasusun saking ukara sipat utawi kasusun saking frasa verbal, ingkang dados pusat punika wujud ukara sipat.[1]
  2. Klausa verbal intransitif: kasusun saking kata kerja intransitif utawi kasusun saking frasa verbal, ingkang dados pusat punika wujud kata kerja intransitif.[1]
  3. Klausa verbal aktif: kasusun saking kata kerja transitif utawi kasusun saking frasa verbal, ingkang dados pusat punika wujud kata kerja transitif.[1]
  4. Klausa verbal pasif: kasusun saking kata kerja pasif utawi kasusun saking frasa verbal, ingkang dados pusat punika wujud kata kerja pasif.[1]
  5. Klausa verbal yang refleksif: kasusun saking kata kerja refleksif, reflektif punika kata kerja ingkang gambaraken tindakan saking pelaku.[1]
  6. Klausa verbal yang resiprokal: kasusun saking kata kerja respirokal, respirokal punika kata kerja ingkang gegayutan.[1]
Klausa Wilangan[besut | besut sumber]

Klausa bilangan utawi klausa numeralia punika predikat utawi wasesa kasusun saking kata bilangan.[1]

Klausa Depan[besut | besut sumber]

Klausa depan utawi klausa preposisional punika klausa ingkang predikatipun kasusun saking katan depan, utawi kata depan dados penanda klausa punika.[1]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l Jinis Klausa[pranala mati permanèn](Dipunundhuh tanggal 20 Oktober 2012)

Pranala njaba[besut | besut sumber]