Kréta Pusaka Karaton Ngayogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kréta Pusaka Keraton Yogyakarta ya iku kréta pusaka keraton, ingkang dené di singgahaké ana ing Muséum Kréta Keraton. Sak lumrahé kréta pusaka sing ana ing Muséum Kréta Keraton menika pakaryan saka Mancanagara, salah sawijining yaiku Walandi. Saka sakabèhé kréta pusaka ingkang di duwèni Keraton menika, ana salah sawijining kréta paling tuwa, yaiku kréta pusaka ingkang pinesthi dadi utawa tinitah Kanjeng Nyai Jimat. Kréta menika wis ana wiwit taun 1740-1450 ing jamané Pangéran Mangkubumi utawa ingkang luwih ditepungi déning Sri Sultan Hamengku Buwono kaping I.

Sejarah[besut | besut sumber]

Miturut blog pribadi Keraton Ngayogyakarta[1], Kréta Kanjeng Nyai Jimat menika panghargyan saka Gubernur Jéndral VOC Jacob Mussel ingkang dipigunakaké Sri Sultan Hamengku Buwono I, sawisé Prajanjèn Giyanti ing taun 1755. Kréta Kanjeng Nyai Jimat menika prakaryan saking Eropa ingkang duwèni gaya renaissance sing dené padha dening kréta ingkang digunakaké karo para raja ing palemahan Eropa. Ana kereta kalih déné amèh padha cithakané lan umuré Kréta Kanjeng Nyai Jimat ingkang tinitah Kréta Kiai Gurdo dedunung ana ing Keraton Kasunanan Surakarta. Kréta Kanjeng Nyai Jimat menika di trapaké Sri Sultan Hamengku Buwono I kanthi Sri Sultan Hamengku Buwono III ing taun 1812-1814. Sawisé kuwi, kréta kuwi wis ora di trapaké déning Sultan nanging tetep disimpén ing Keraton dadi salah sawijining pusaka Kasultanan Yogyakarta. Saben taun ing sasi Sura dina Selasa Kliwon utawa Jumat Kliwon, Keraton Ngayogyakarta ngawontenaké upacara Jamasan kanggo pusaka-pusaka ingkang ana ing Keraton Yogyakarta, salah sawijining yaiku Kréta Kanjeng Nyai Jimat. Banyu saka ritual upacara Jamasan menika dipercaya kaliyan wong akèh, yèn campuran banyu peresan jeruk nipis uga banyu kembang setaman menika bisa nekakaké berkah kaliyan bisa ngilangaké sakabèhing lelaran[2].

Jinising kréta pusaka[besut | besut sumber]

Séjé Kréta Kanjeng Nyai Jimat, isih ana kréta liya sing dadi tunggangan para raja utawa sing uwis dadi piranti pusaka ana ing Keraton Ngayongyakarta. Salah sawijining yaiku Kréta Kiai Garuda Yeksa ingkang wonten itungan taun Hijriah 1861, uga pakaryan saka Amsterdam, Walandi. Jinis Kréta Kiai Garuda Yeksa minangka pakaryan saka pabrik ing Walandi menika padha kaliyan kréta kencana ingkang ditrapaké Keraton ing Walandi, ingkang tinitah Gouden Koets (kréta emas). Ngantos sameika kréta ingkang padha jinising kasebut, taksih ditrapaké dening Kangjeng Ratu ing upacara-upacara gedhé ing Walandi. Jaman Sri Sultan Hamengku Buwono I kréta kuwi mau dadi salah sawijining tunggangan beliau, menawa sawetara ing taun 1855-1877. Samenika Kréta Kiai Garuda Yeksa tansah ora ditrapaké ing sadina-dina, mung ditrapaké wonten ing ritual ngukuhaké sultan. Perlu kakuwatan 8 jaran kanggo narik Kréta Kiai Garuda Yeksa, minangka panghargyan saka Ratu Wilhelmina ditrapaké dening Sri Sultan Hamengku Buwono VI. Déné ana pralambang Keraton Walandi minangka sesandhingan karo pralambang Sri Sultan Hamengku Buwono VI ing pintu kréta. Salah sawijining kréta liyané ingkang ditrapaké kusus dening raja lan kulawarga inti, tansah ora sembarang ditrapaké sadina-dina, yaiku Kréta Premili. Kréta ingkang mbutuhaké kakuwatan 4 nganti 6 jaran menika salah sawijining kréta ingkang digawé ning Indonésia, persisé ana ing Semarang. Wiwitané Kréta Premili ditrapaké ana ing jaman Sri Sultan Hamengku Buwono VIII ingkang kanggo tunggangan para penari Keraton Ngayogyakarta.

Kolèksi kréta pusaka ing Keraton Yogyakarta[besut | besut sumber]

Kurang luwih amèh separo kolèksi kréta pusaka ing Keraton Yogyakarta menika pakaryan saka Negara Walandi. Kolèksi kréta paling akèh yaiku saka Sri Sultan Hamengku Buwono VII ingkang nggadhahi 10 kréta. Saka 10 kréta kuwi, ana 8 kréta minangka pakaryan saka Spyker, Amsterdam, ing taun gawé 1901. Saha diwuwuhi manèh dening Sri Sultan Hamengku Buwono VIII ingkang nggadhahi 5 kréta. Kréta liyane, kaya ta Kréta Kanjeng Nyai Jimat wewenangé Sri Sultan Hamengku Buwono I, menawa Kréta Mandra Juwala wewenangé Sri Sultan Hamengku Buwono III, yèn Kréta Kiai Jaladara lan Kréta Manik Retna wewenangé Sri Sultan Hamengku Buwono IV, lan uga Kréta Wimanaputa, Kréta Notopuro, Kréta Harsunaba, Kréta Kiai Garuda Yeksa menika wewenangé Sri Sultan Hamengku Buwono VI. Kabéh kréta pusaka kuwi mau disimpén ing Dalém Keraton Yogyakarta dan Muséum Kréta Keraton Yogyakarta, ingkang ditrpaké dadi tunggangan sadina-dina raja lan kulawarga, kanggo upacara-upacara sing ana ing Keraton Yogyakarta, uga bisa di tonton masyarakat umum.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2019-07-20. Dibukak ing 2019-11-18.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. https://regional.kompas.com/read/2017/10/17/16280731/jamasan-kereta-pusaka-keraton-yogyakarta-dan-sisa-air-yang-dipercaya-bawa?page=all