Kembul Sèwu Dulur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kembul Sèwu Dulur utawa Saparan Bendhung Khayangan yaiku upacara kang diwontenaken ing dèsa Pendawareja, Kapanéwon Girimulya, Kabupatèn Kulon Praga, Daerah Istimewa Ngayogyakarta. Upacara menika diwontenaken ing dinten Rabu Pungkasan wulan Sapar. Upacara menika gadhahi artos kempalipun warga Pendawareja.

Sajarah[besut | besut sumber]

Upacara kembul sèwu dulur saparan bendhung khayangan ing dèsa Pendawareja kang kaitane marang bendungan kanggo upacara salah sijine kang arane kayangan.[1] Bendungan Kayangan iku papan petilasan sesepuh dèsa Pendawareja kang isih turunan saka Raja Brawijaya V kang asmané Mbah Bei. Mbah Bei dipracaya marang warga duweni kasekten. Kapaercayaan iki ndadekake Bendung Khayangan kanggo papan tapa, pesuhihan, utawa ruwatan. Bendhung Khayangan uga dadi sumber banyu tani lan panguripan.[2] Anane kapercayan antarane gaib lan nyata ora dadi perkara marang warga. Anane Mbah Bei, Bendhung Khayangan, lan guna saka bendhungan iku mau dadi sabab anane Kembul Sèwu Dulur Saparan Bendhung Khayangan.

Sadurunge taun 1990, acara kembul sèwu mung dianani kanggo cara sak anane. Sabanjure iku, acara iku banjur digawè supaya ramè tinimbang sadurunge. Nalika iku, namung warga Pendawareja kang ana ing kembul sèwu. Nanging saiki akeh masyarakat kang teka ing upacara iki.

Sadurunge acara kembul sèwu iki ramé, acara ing masyarakat mung gendhurèn ing omah dhukuh kang ana ing Pendawareja. Padhukuhan kang ana ing dèsa iki yaiku Gunturan, Jetis, Ngrancah, Kèpèk, Turusan, Tileng, Banaran, Kalingiwo, lan Krikil. Nanging amarga dukungan masyarakat, seniman, lan sak panunggalané, acara iki banjur ramè. Akeh acara kang ditambahake ing Kembul Sèwu kaya dene pagelaran wayang kulit, taicihi, karnaval, lan sak panunggalane.[3]

Acara Kembul Sèwu Dulur iki dadi pepéling masyarakat menawa ing mangsa kétiga masyarakat gawè bendhungan kanggo nyukupi tani. Tekan saiki bendungan iki menehi guna marang masyarakat. Pamong Dèsa banjur nganake upacara iki supaya masyarakat eling amarga bendhungan iki kasil tani isa akeh.[4]

Ing taun 2018, Kembul Sèwu Dulur Saparan Bendhung Khayangan diwenehi Dana Kaistimewan DIY.[5] Mula, Kundha Wisata Kulon Praga menehi dhukungan supaya ana turis ing acara iki. Menawa akèh turis, iki uga bakal nambahi kemakmuran masyarakat Pendawareja.

Tata Cara[besut | besut sumber]

Upacara Rebu Pungkasan iki dianake setaun sepisan ing dina Rebu Pungkasan ing sasi Sapar. Upacara iki wis dianake pirang-pirang taun dening warga Pendawareja. Kasil itungan miturut tanggalan Jawa (Saka) kang cacahe 354 dina. Wayah gelar upacara iki isih migunakake cara lawas miturut leluhur.[6]

Upacara iki uga duweni tembang kang judule "Kembu Sèwu Dulur". Tembang iki dadi cara cerita sajarah upacara. Upacara iki nduweni arti kaendahan, ritual-religi, lan gotong royong.

Tembang Kembul Sèwu Dulur sanadyan ora dingerteni artine tumrap masyarakat saengga namung dadi catetan upaca Kembul Sewu Dulur.[7] Sandayan tembang Kembul Sewu Dulur namung dadi salah siji bagean saka upacara, nanging tembang iki dadi sumber asal upacara iki. Katerangan saka upacara iki kaya sumber pikiran upacara, ilmu ing masa kapengker, lan prastawa sajarah. Tembang Kembul Sewu Dulur iki dadi sumber upacara Kembul Sèwu Dulur Saparan Bendhung Khayangan.

Upacara Rebu Pungkasan Kembul Sèwu Dulur iki nduweni arti marang warga Pendawareja. Sepisan, upacara iki dadi sarana kerukunan ing masyarakat Pendawareja saka donga kang migunakake Basa Jawa lan tembung Kembul sewu dulur uga nduweni arti menawa kabeh warga iku sedulur. Arti liyane yaiku cara nguri-uri upacara iki. Upacara iki uga dadi cara ngelingake masyarakat marang sajarah Bendhung Khayangan, karukunan warga, lan sesepuh Pendawareja.[8]

Kembul Sèwu Dulur Bendhung Khayangan urut-urutane kaya ing ngisor iki:

  • Iringan kirab kelompok kagunan, nggawa sajen, tamu, lan masyarakat. Para panyarta bebarengan tumuju ing Bendhung Khayangan lan lungguh ing pinggir kali. Sabanjure iku kelompok kagunan nganake pagelaran seni. Kagunan kang digelar yaiku jaran képang utawa jathilan
  • Sabanjure pagelaran kaping pisan, banjur acara ngadusi jaran kèpang ing kali kasebat. Acara iki kasebat Ngguyang Jaran. Acara iki kaitane kaliyan Mbah Bei kang makarya dadi pawang jaran Raja Majapait, Prabu Brawijaya V. Sakliyane guyang jaran, uga guyang wayang, guyang pit, lan guyang manten anyar. Ora lali barang kang diguyang yaiku topèng kuna. Guyangan iki dadi cara supaya jaran kèpang bisa laris. Sakliyane iku, guyangan migunakake banyu iki uga dadi lambang reresik awak, amarga banyu duweni arti tirta amarta utawa sumber penguripan.[9]
  • Acara sabanjure yaiku gendhurèn saparan. Panganan kang ana ing acara iki didongake dening sesepuh. Maneka warna panganan kang digawa masyarakat banjur didum marang masyarakat kang ana ing acara iki.[10] Panganan iki kaya bothok lélé lan iwak mas panggang tanpa bumbu, sega tumpeng, lan janganan. Kembul Sèwu Dulur sakliyane kanggo acara karukunan, uga dadi rasa unjuk sukur marang Gusti Kang Maha Kuwaos.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Sutarmi (2018-10-23). "Masyarakat Kulon Progo Menggelar "Kembul Sewu Dulur"". Antaranews.com. Dibukak ing 2023-03-05.
  2. Putri, Sri Cahyani (2020-10-14). "Ritual Saparan Rebo Pungkasan Kembul Sewu Dulur sebagai Wujud Syukur". TribunJogja.com. Dibukak ing 2023-03-05.
  3. Dewantara, Jalu Rahman (2018-11-08). "Kembul Sewu Dulur, Tradisi Kerukunan Paseduluran yang Takkan Pernah Mati". Harian Jogja. Dibukak ing 2023-03-05.
  4. akhwan. "Kembul Sewu Dulur Satukan Ribuan Warga Desa Pendoworejo". Diskominfo Kabupaten Kulonprogo. Dibukak ing 2023-03-05.
  5. Dewantara, Jalu Rahman (2018-11-08). "Kembul Sewu Dulur, Tradisi Kerukunan Paseduluran yang Takkan Pernah Mati". Harian Jogja. Dibukak ing 2023-03-05.
  6. "Kembul sewu Dulur Bendung Khayangan". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-05. Dibukak ing 2023-03-05.
  7. "Kembul Sewu Dulur Bendung Khayangan". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-05. Dibukak ing 2023-03-05.
  8. "Kembul Sewu Dulur Saparan Bendung Khayangan". Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. 2019-10-17. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-05. Dibukak ing 2023-03-05.
  9. Sutarmi (2019-10-23). "Masyarakat Kulon Progo Menggelar "Kembul Sewu Dulur"". Antaranews.com. Dibukak ing 2023-03-05.
  10. Dewantara, Jalu Rahman (2018-11-08). "Kembul Sewu Dulur, Tradisi Kerukunan Paseduluran yang Takkan Pernah Mati". Harian Jogja. Dibukak ing 2023-03-05.

Pranala jawi[besut | besut sumber]