Kasusastran Jawa
Kasusastran Jawa[1] yaiku kagunan adiluhung kang kalairaké sarana éndahing basa Jawa, wondéné kang kalebu ing kasusastran Jawa iku sakabèhé kagunan adiluhung kang isiné kaéndahaning basa Jawa, ora ngemungaké kang katulis ana ing buku utawa layang, uga sing diucapaké ing lésan. Ora ngemungaké sing katulis nganggo sastra Jawa, uga sing tinulis nganggo aksara liya, upamané aksara Latin, Arab, lan liya-liyané.
Kasusastran Jawa ora mligi sing rinipta déning bangsa Jawa asli, uga kang ginita déning bangsa manca. Ora ngemungaké kang kababar ana ing tanah Jawa utawa Indonésia, uga kang diwetokaké (dicap) ana ing manca nagara, cekaké yaiku kabèh kang isi kaéndahaning basa Jawa, yaiku kang kalebu ing kasusastran Jawa.
Kasusastran Jawa ora padha karo Kapustakan Jawa. Kapustakan Jawa iku ateges buku-buku utawa layang-layang kang nganggo basa Jawa. Pustaka ateges layang, buku, déné Kasusastran Jawa ateges kang isi éndahing basa Jawa, Susastra ateges basa kang éndah. Kabèh buku kang nganggo basa Jawa, senajan ta basané éndah utawa ora, kalebu Kapustakan Jawa, dadi sing kaanggep yaiku buku-bukuné utawa layang-layangé. Nanging yèn Kasusastran Jawa sing wigati yaiku éndahing basané, dudu buku-bukuné utawa layang-layangé. Kajaba saka iku, Kasusastran Jawa iku ora ngemungaké kang katulis awujud buku utawa layang, uga kang diucapaké ing lésan.
Kapustakan
[besut | besut sumber]- ↑ Padmosoekotjo, S (1958). Ngéngréngan Kasusastran Jawa. Ngayogyakarta: Hien Hoo Sing. kc. 12.