Karya ilmiah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Karya ilmiah (Basa Inggris : scientefic paper) yaiku sawijining laporan sing ditulis lan diterbitaké kanggo nggambaraké asil panalitèn utawa pengkajian sing wis dilakoni déning wong utawa tim kanthi netepi prinsip ilmiah lan paugeran sing wis dianggep bener lan diakoni déning masarakat ilmiah.

Ana werna-werna jinisé karya ilmiah, kalebu laporan risèt, makalah, seminar utawa simposium, lan artikel jurnal sing biasané kabèh iku asil saka panalitèn para ilmuwan. Dhata, dudutan, lan informasi liyané sing ana ing karya ilmiah digunakake minangka sumber kanggo ilmuwan liyané sajroné nindakaké risèt utawa panalitèn luwih lanjut.

Ing perguruan tinggi, utamané tingkat sarjana, para mahasiswa digladhi kanggo gawé karya ilmiah kaya ta makalah, laporan lab, lan tèsis (tugas pungkasan). Tèsis punika adaté minangka panalitèn skala cilik, ananging wis dilakoni kanthi jero. Sauntara kuwi, makalah sing ditugasaké kanggo mahasiswa luwih akèh dadi dudutan lan pamikiran ilmiah mahasiswa sing didhasari kanthi review karya ilmiah sing ditulis déning para ahli ing bidhang ngèlmu kasebut. Laporan praktèk kasebut ditugasaké kanggo mahasiswa minangka dalan supaya bisa ngembangaké kaprigelan nglumpukaké laporan risèt.

Ancas[besut | besut sumber]

  • Minangka dalan gladhi kanggo ngudharaké pikirané utawa asil risèt ing wangun tulisan ilmiah kanthi sistematis lan metodologis.
  • Nuwuhaké kawruh ilmiah ing kalangan mahasiswa, supaya ora mung dadi panganggo élmu seserepan, ananging uga bisa dadi pangasil (produsen) pikiran lan makalah ing bidhang sains, utamané sawisé rampung pasinaoné.
  • Karya ilmiah sing ditulis wis dianggep minangka sarana kanggo nularaké kawruh antarané sekolah lan komunitas, utawa wong sing kapéngin maca kasebut.
  • Wosing panaliten babagan potensi lan ilmiah sing kagayuh déning para siswa ing babagan ngadhepi lan ngrampungaké prakara sajroning wujud karya ilmiah sawisé prakara wis entuk kawruh lan pendhidhikan saka bidhang ngélmuné.
  • Kanggo gladhén kaprigelan dhasar kanggo nindakaké panalitèn kanthi bener lan ajeg.

Mupangat[besut | besut sumber]

Mupangaté nyusun karya ilmiah kanggo panulis yaiku:

  • Gladhèn kanggo ngrembakaaké kaprigelan maca kanthi efektif;
  • Gladhèn kanggo ndhapuk asil maca saka sumber kang manéka werna;
  • Nepangaké kagiyatan ing perpustakaan;
  • Ningkataké pandhapukan fakta / dhata kanthi cetha lan sistematis;
  • Entuk rasa seneng intelektual;
  • Ngrembakaaké èlmu sains;
  • Minangka bahan referensi / panalitèn wiwitan kanggo panalitèn luwih lanjut

Sistematika panulisan[besut | besut sumber]

Sampul[besut | besut sumber]

  • Kaca judhul.
  • Kaca asli.
  • Ringkesan/abstraksi.
  • Atur sapala
  • Tabel isi.
  • Ringkesan isi.

Isi[besut | besut sumber]

Pambuka[besut | besut sumber]

  • Dhasaré panalitèn.
  • Wosing prakara.
  • Pangudaran/ watesan masalah.
  • Ancas panalitèn.
  • Mupangat panalitèn.
  • Metode/cara panalitèn.

Pangudaran[besut | besut sumber]

  • Pangudaran teori.
  • Kerangka kanggo pamikiran ilmiah lan argumentasi.
  • Ngajokaké hipotèsis.

Metodologi panalitèn[besut | besut sumber]

  • Wektu lan panggonan panalitèn.
  • Cara lan rèng-rèngan panalitèn .
  • Populasi lan sampel.
  • Instrumen panalitèn.
  • Pangempalan dhata lan ngudhari dhata.

Asil panalitèn[besut | besut sumber]

  • Udharan variabel panalitèn.
  • Asil panalitèn.
  • Ngajokaké hipotésis.
  • Rembugan panalitén, mendharaké paningalan teoretis saka asil kang ditampa.

Panutup[besut | besut sumber]

  • Dudutan.
  • Saran.
  • Pangudaran.

Bab ingkang nyengkuyung[besut | besut sumber]

  • Kapustakan.
  • Dhaptar tabel.
  • Lampiran-lampiran kalebu instrumen panalitén.