Karagenan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Struktur molekuler saka pirang-pirang jinis karagenan.

Karagenan ya iku senyawa kang diekstraksi saka suket laut saka Famili Rhodophyceae kaya Euchema spinosum lan Euchema cottonii kang kasusun saka ranté poliglikan bersulfat kanthi massa molekuler (Mr) kurang luwih saduwure 100.000 lan asifat hidrokoloid.[1] Karagenan ora nduwé aji nutrisi lan digunakaké ing panganan minangka bahan kang bisa gawé kenthel, gawé jel, lan emulsifikasi.[1] Telung tipe utama karagenan kang digunakaké ing indhustri panganan ya iku ι-karagenan, κ-karagenan(E. cottonii), lan λ-karagenan (E. spinosum).[1] Karagenan tinemu lumantar ekstraksi saka rumput laut kang dilarutake ing banyu utawa larutan basa banjur dimenepake kanthi nggunakake alkohol utawa KCl.[1] Alkohol kang digunakaké winates ing metanol, etanol, lan isopropanol. Karagenan bisa digunakaké ing panganan nganti konsèntrasi 1500 mg/kg.[1]

Jinis-jinis[besut | besut sumber]

  • Iota karagenan (ι-karagenan) ya iku jinis kang paling sithik cacahé ing alam, bisa tinemu ing Euchema spinosum(rumput laut) lan minangka karagenan kang paling stabil ing larutan asam sarta mbentuk jel yang kuat pada larutan yang mengandung garam kalsium.[2]
  • Kappa karagenan (κ-karagenan) minangka jinis kang paling akèh ana ing alam (nyusun 60% saka karagenan ing Chondrus crispus lan ndominasi ing Euchema cottonii).[2] Karagenan jinis iki bakal pedhot ing larutan asam, nanging sawisé jel dumadi, kargenan iki bakal resisten marang degradasi. Kappa karagenan mbentuk jel kang kuwat ing larutan kang ngandhut uyah kalium.[2]
  • Lambda karagenan (λ-karagenan) ya iku jinis karagenan kaping pindho paling akèh ing alam sarta minangka komponèn utama ing Gigartina acicularis lan Gigatina pistillatalan nyusun 40% saka karagenan ing Chondrus crispus.[2] Saliyané iku, lambda karagenan ya iku kang kaping pindho paling stabil sawisé iota karagenan ing larutan asam, nanging ing larutan uyah, karagenan iki ora larut.[2]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e Joint FAO/WHO Expert Committee on Food Additives. 2001. Evaluation of Certain Food Additives and Contaminants: Fifty-seventh report of the Joint FAO/WHO Expert Committee on Food Additives. Roma: World Health Organization. Hal: 32-33 ISBN 92-4-120909-7
  2. ^ a b c d e Ensminger AH. 1994. Foods & Nutrition Encyclopedia. 2nd Edition. Boca raton: CRC Press. Hal:349-350.