Gurah
Gurah yaiku bentuk terapi keséhatan kang tradhisional asli Jawa. Ing Ngayogyakarta, gurah yaiku terapi kang kondhang. Pusaté ana ing daerah Girilaya, Imogiri, Bantul. Ing sadawane dalan seka kutha Yogyakarta ngidul tumuju marang Imogiri, saben limang kilometer ing pinggir-pinggir dalan mesthi ana pijet gurah. Ana ing tradhisi warga Imogiri, gurah ya kuwi pengobatan tradhisional kang dilakoni kanthi cara ekstrak godhong srigunggu (Clerodendron serratum) ing lambé utawa bolongan irung.
Pijet gurah dilakokaké déning para sindhèn dinggo njaga kwalitas swara upaya tetep merdu. pijet gurah sakjane kuwi tradhisi folklor lisan. tradhisi iki angel disinauni ing sekolah. mung wong kang pengin lan niyat kang tenanan kang bisa dadi ahli gurah. Amarga ing gurah ana aspek-aspek tartamtu, nek ora tahan tahan, bakal lara dhéweé kadang kala uga ana wong-wong kang ngrasa jijik marang gurah iki. ananging kanggo sebagian wong ing Yogyakarta, gurah kuwi dadi kebutuhan preventif kanggo kesehatan.
Pijet dilakokake ing awak kabèh, ora nganggo ramuan apa-apa. Pijet kuwi tujuwané kanggo supaya cairan kang ing njero awak gampang metu. Yèn wis isa metu cairan kuwi lewat irung, lambé lan mata, pasièn bakalé ngrasa lega. Pasièn uga kudu pasa, ora ngomong saha ora mangan apa waé. Amarga pasièn bakalé ngrasa lemes. Awak kuwi kaya-kaya kelangan kakuwatané.
Mupangat
[besut | besut sumber]Gurah nduwèni mupangat kanggo pasièn ing babagan penyegaran, kekeselen, ketenangan, rilèksasi, ambegan, penak turu, loyo, lan sapituruté. Gurah uga ndayani rongga swara tambah mbukak amba. Dadi, para penyanyi, dhalang, pesindèn lan wong kang ngetokaké jasa swara luwih apik yen nglakoni gurah rutin. Gurah uga uwis nyebar ing sawatara dhaérah ing kabupatèn-kabupatèn ing Ngayogyakarta, kaya ta kodya (kota madya) lan Sleman kang paling akèh nglakoni pijet gurah. Ing kodya tukang pijet gurah tansah nulisaké keturunan Girilaya-Imogiri. Iki kanggo cara pemasaran tradhisi gurah.
Gurah mung disinauni turun temurun amarga ngandung ilmu kang khas. Ora kabèh wong tegel kanggo nglakoni. merga kuwi tukang gurah isa ngajari tata cara gurah kanggo anaké kang nduwèni bakat amarga yèn ora nduwé bakat biyasané wong kuwi bakal jiji.[1]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Endraswara, Suwardi (2010). FOLKLOR JAWA Macam, Bentuk dan Nilainya. Jakarta: Penaku. kc. 184. ISBN 978-979-18532-6-2.