Gong bumbung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gong bubung iki lumrah dienggo minangka jejangkep gamelan cokèkan. Adhakané ricikan iki dicawisi siji kanggo rong laras gamelan[1][2][3]. Yèn dideleng saka kasil muni, ricikan iki klebu ing golongan ricikan pipa ageng. Amarga rupa ricikan gong iki digawé saka pring petung. Dhapukan ricikan iki minangka ricikan panandha, padha kaya gong kemodong. Muni gong iki dikasilaké nganggo cara niup lan nabuh nada kang dikarepaké mawa lambé utawa cangkem ing lobang tiup[1][3]. Gong iki digawé sing rong watang pring[3]. Siji watang ukurané gedhé lan dawané garis tengah kira-kira 12-15 sèntimèter, dawané watang kira-kira semèter utawa lewih. Gong iki uga karan gong suwuk (dudu gong suwukan) amarga cara nabuhé iku disuwuk kang tegesé ditiup.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Palgunadi, Bram (2002). Serat Kandha Karawitan Jawi. Bandung: ITB. kc. 418–419. ISBN 979-9299-71-3.
  2. Banoe, Pono. "Kamus Musik". Google Books.
  3. a b c Bouvier, Hélèna. "Lèbur: seni musik dan pertunjukan dalam masyarakat Madura". Google books.