Filsafat punakawan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Minangka média kabudayan, wayang duwèni cara dhéwé kanggo nyeritakaké tokoh utawa paragané sing apik ing pagesangané, saéngga kanthi carané dhéwé bisa andobrak bebrayan sing primitif tumuju bebrayan kang luwih cerdas.[1]. Bebrayan Jawa nuwuhaké sawijining kabudayan sing diarani wayang tentuné ora bisa tuwuh saka ruangan kosong lan hampa, nanging kabudayan wayang uga duwé fénoména lan pikiran sing cetha saéngga seni budaya iku bisa micara marang bebrayan kanthi apik.[1].

Tokoh Punakawan[besut | besut sumber]

Tokoh ing sajeroning kelompok punakawan iki duwèni karakter utawa watak sing justru kuduné akèh didadèkake teladhan,amarga dadi sesulih pralambang asoring manah lan ngawerat hikmah.[2]. Tinimbang karakter pewayangan liyané sing kudu manut karo aturan, punakawan luwih bébas lan apa anané, dadi sesulih kasedinan gambaran manungsa lumrahé.[2] Ana papat tokoh wayang sing misuwur ing Jawa, akèh wong kang nyebut punakawan ya iku:

A. Semar[besut | besut sumber]

Ing sajeroning tokoh wayang punakawan sing akèh dikenal ing tanah Jawa , bakal nemu tokoh kang aran Semar.[3]. Miturut vèrsi pawayangan Islam jeneng Semar asalé saka basa Arab ya iku Ismar, lan ing ilat Jawa dadi Semar, Ismar tegesé paku, sing ateges tokoh Semar iku dadi paku tumrap ajaran kabecikan,lan golèk kabeneran ngenani kabèh prakara.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Amrin Ra'uf.Jagad Wayang(BAB 3 Filsafat Tokoh-Tokoh Punakawan dalam Wayang).Gerailmu.Jogjakarta.(2010:73)
  2. a b c [1](dipunundhuh tanggal 26 September 2012)
  3. Amrin Ra'uf.Jagad Wayang(BAB 3 Filsafat Tokoh-Tokoh Punakawan dalam Wayang).Gerailmu.Jogjakarta.(2010:79)