Eriyanti

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Eriyanti wanita kalairan Temanggung 14 Oktober 1981, inggih punika salah satunggaling juru tani kopi ingkang sampun suksés. Eriyanti utawi ingkang akrab dipuntimbali Éri punika asalipun saking kuluwarga juru tani kopi. Awit cilik, putri saking Bapak Poerwanto punika sampun asring mbiyantu pagawèyanipun tiyang sepuh ngruwat uwit kopi. Piyambakipun sampun mangertosi susah bungahè dados juru tani kopi. Wanita alumni SMK Swadaya Temangung punika saged nepangaken kopi Gesing, kopi khas Temanggung marang kathah tiyang ingkang remen kaliyan kopi.[1].

Kauripan[besut | besut sumber]

Eri prihatin marang nasib petani kopi, petani kopi  kasisahan ékonomi amarga  gadhah ijon utawi utang kaliyan tengkulak. Kagem bayar utang punika,  para petani kopi kedhah manèn kopi sakdéréngipun wektu panén (manén wiji ijo). Amarga wiji kopi punika taksih ijo dadosaken regi dol-dolanipun mirah sanget namung 5000/kg. Amarga saking raos prihatin punika Eri gadhahi tèkad supados ngrintis usaha kopi lan nuku hasil panén kopi para petani ing daèrahipun. Éri nuku hasil panen para petani kopi saking 6 kecamatan, kopi céri ingkang biasa diregi 24000/kg diundakakè malih 25000/kg. Kopi-kopi ingkang ditumbas saking para petani kala wau diolah dados produk olahan kopi, piyambakipun uga nglibataken peran para tani ing pengolahan kopi kasebut.[1]

Kampanye petik merah[besut | besut sumber]

Éri nate tumut Sekolah Lapangan Pengendalian Hama Terpadu ing taun 2009, bibar ndhérék pelatihan kasebut kawruh lan ilmunipun Éri babagan kopi nambah. Dhèwèkè banjur ngadakake Kampanye Petik Merah. Kampanye Petik Merah punika gadhahi ancas supados para petani boten ngundhuh hasil panen saderengipun wektu panén. Wonten ing kampanye kasebut para ibu-ibu ditugasi supados mbujuk para bapak-bapak supados boten manén wiji ijo.

Cara nanem kopi[besut | besut sumber]

Awit usahanipun sampun hasil, Éri banjur ngajari para tani kopi kepriyè caranipun nanèm lan ngrawat uwit kopi ingkang trep. Piyambakipun migunakaken ilmu saking bapakè, supados boten ginakaken péstisida, jarak antawis uwit siji lan sijinè kedhah diatur. Ing selanipun uwit kopi didamel rorak ingkang gadhahi fungsi kagem papan anggènipun nyinggahaken pupuk kandhang, banyu, lan kagem sirkulasi udara lan migunakaken sistem Tumpangsari, kanthi cara nanem uwit nanas.  Ancasipun nanem uwit nanas  supados uwit kopi punika boten dirubung hama, ing sela-selanè wit kopi ditandhuri wit nanas. Gunanipun supados namung wit nanas kѐmawon ingkang dirubung hama, kanthi cara mekatèn uwit kopi saged urip kanthi saè amarga boten dirubung hama. Kanthi cara punika hasil panén kopi saged dados kathah lan saè.

Wirausaha kopi[besut | besut sumber]

Kopi-kopi saking para petani punika banjur diolah dening Éri, boten namung dados kopi garing  kemawon ananging ugi dados bubuk kopi nganggem maneka werna merk dagang. Salah sawijining merk dagang punika ya iku kopi Poer ingkang dipundhut saking namanipun bapake. Kopi olahan ingkang misuwur punika arane kopi Lanang reginipun 100000/kg. Sakliyanipun kopi Lanang ingkang sampun misuwur inggih wonten kopi jenis sanesipun kaya ta kopi teh kulit, ya iku dipun damel dados ramuan unjukan téh.

Nalika usahanipun sampun maju Éri gadhah idè supados damel KUB (Kelompok Usaha Bersama)  namanipun Nafata ing Dèsa Gesing. KUB punika gadhahi anggota kirang langkung 30 tiyang petani kopi wanita, ing KUB hasil panén kopi diolah dados produk-produk olahan supados regi adolipun saged mundhak. Kopi ingkang boten diolah punika namung diparingi regi 24000/kg ananging menawi sampun diolah reginipun 100000/kg. Boten namung ngolah kopi kèmawon ananging Éri ugi gadhah ancas sanésipun inggih punika majukakè kaum wanita supados saged mandiri. Éri uga damel LKM (Lembaga Kredit Mikro) ingkang ménéhi dana kagem modal para petani kopi supados saged ngembangaken usahanipun.

Kopi olahan saking Dèsa Gesing punika sampun kathah dilombakaken lan dados juara setunggal, tuladhanipun ing Kontes Kopi Specialty ingkang dipungelar ing Grand Sahid, Jakarta taun 2017. Bibar dados juara setunggal olahan kopi, produk olahan kopi saking Dèsa Gesing dados kondhang lan kathah tiyang ingkang remen. Olahan kopi punika sampun di ekspor ing negara manca kaya ta Malaysia, Singapura lan Cèko. Sapunika Éri lan karyawanipun saged produksi kopi ngantos 90 kg sesasi, para petani kopi ing Dèsa Gesing sampun saged ngraosaken hasil ingkang saè.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c Herusansono, Winarto (2018-10-16). "Eriyanti, Perempuan Kopi Lereng Sindoro". Kompas.