Dunstan
| Dunstan | |
|---|---|
| Biskop Agung Canterbury | |
| Provinsi | Canterbury |
| Keuskupan | Keuskupan Canterbury |
| Singgasana | Biskop Agung Canterbury |
| Dilantik | boten dipunkawruhi |
| Term ended | 988 |
| Sadurungé | Byrhthelm |
| Diterusaké | Æthelgar |
| Ordo | |
| Penahbisan | 959 |
| Detil pribadhi | |
| Jeneng lair | Dunstan |
| Lair | taun 909 utawi sakedhik langkung awal Baltonsborough |
| Pati | 19 Mèi 988, yuswa watawis 79 taun Canterbury |
| Katedral Canterbury | |
| Sainthood | |
| Hari raya | 19 Mèi |
| Dimuliake ing | Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Katulik Roma, Komuni Anglikan |
| Atribut | priyantun nyipeng sapasang panjepit tukang wesi, kanthi peksi dara mlayang caket panjenenganipun, kanthi wadyabala malaékat ing sangajengipun |
| Pelindung | pandhé wesi; Charlottetown, Kanada; tukang emas; tukang kunci; musisi; pandhé pérak |
| Biara | Katedral Canterbury (nanging ugi dipunklaim déning Glastonbury Abbey), kekalihipun risak |
Santo Dunstan (909-988) punika satunggiling rahib Benediktin lan ugi satunggiling pambaharu kagesangan gréjawi ing Inggris.[1][2] Panjenenganipun miyos ing Baltonsborough, caket Glastonbury, ing satunggiling kulawarga bangsawan.[2] Dunstan nempuh pendhidhikan ing Glastonbury lajeng nyambut damel ing papréntahan Raja Athelstan.[2] Nalika taun 935, panjenenganipun dipunpecat saking pedamelanipun déning raja.[2] Sasampunipun puniku, panjenenganipun mlebet biara lan dipuntahbisaken dados imam.[2] Salajengipun Dunstan kundur malih dhumateng Glastonbury kanggé nglampahi gesang minangka pamertapa lan ugi latihan kagunan lukis, nyulam, lan patukangan.[2] Nalika taun 939, Edmund dados raja lan nimbali Dunstan malih dhumateng pedamelanipun ing papréntahan.[1][2] Sasampunipun puniku, Dunstan dipunangkat dados kepala biara Glastonbury lan ing wekdal-wekdal salajengipun panjenenganipun nlampahaken pambaruan kanggé biara lan gréja ing Inggris miturut peraturan Santo Benediktus.[1][2] Pambaruan ingkang dipunlampahaken Dunstan dipunmilai wiwit taun 940 dumugi 1539.[2]
Réferènsi
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |