De Stem des Bloeds

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
De Stem des Bloeds
DisutradaraniPh. Carli
DiprodhuseriPh. Carli
Dibintangi
  • Sylvain Boekebinder
  • Vally Lank
  • Jan Kruyt
  • Annie Krohn
Perusahaan
prodhuksi
Kinowerk Carli
Tanggal metu
  • 1930 (1930) (Dutch East Indies)
NagaraDutch East Indies
Basa

De Stem des Bloeds (Jawa: Swarané Getih), uga aran Njai Siti, iku filem taun 1930 saka Indhiya-Nèderlan (saiki Indonésia). Filem iki disutradarani Ph. Carli lan dibintangi Annie Krohn, Sylvain Boekebinder, Vally Lank, lan Jan Kruyt. Filemé nyaritakaké wong lanang lan nyainé (gendhakané) kang temu manèh amarga anaké lanang lan anaké wadon kuwalon ora dinyana padha dhemenan. Filem iki asliné filem ireng-putih, nanging wis ilang. Ing kupiné filem iki, sapérangan adegan wis kawarnani. Pambabaré filem iki kalakon ing kawitan taun 1930 lan payu ing pasaran. Mangkonona, ana béda panemu babagan filem iki.

Jejer[besut | besut sumber]

Van Kempen iku kang ngawasi kebon tèh aran Ciranu ing Jawa Kulon. Dhèwèké duwé gendhakan utawa nyai aran Siti. Leloroné patutan loro aran Adolf lan Annie. Ing siji dina, van Kempen bali Walanda, ninggal Siti lan anak-anaké kang isih nom tur blasteran. Ing Walanda, dhèwèké ningkahi randha nom kang duwé anak wadon aran Ervine. Éwadéné, Siti urip karo pamané ing gedhèg ing alas lan pijer ndedonga supaya van Kempen tumuli bali, kapara nyuwun pitulungé dhukun.

Limalas taun ing tembé, sasédané bojoné, van Kempen lan Ervine bali menyang Indhiya-Nèderlan. Dhèwèké tinanggenah minangka kang ngawasi kebon liyané kang ora adoh saka panggonané makarya kang lawas. Dhèwèké nggolèki Siti lan anak-anaké, nanging ora ana mitrané makarya ora ana kang sumurup. Tanpa dinyana van Kempen, anak-anaké ginedhékaké kaya déné wong enggonan lan nganggo klambi cara wong enggonan, sanajan anak-anaké uga olèh wurukan cara Kulonan. Adolf dadi juru bedhag, déné Annie jaga omah karo ibuné. Frederick, ménéjer anyar ing Ciranu, ndhemeni lan ngupaya ngreremih Ervine, nanging ora kasil.

Sawatara wektu ing tembé, nalika lumaku-lumaku ing alas, Ervine pranggulan karo kidang. Dhèwèké kaget banjur semaput. Adolf nemu dhèwèké lan nggawa bali ing pakebonan. Ing kana, van Kempen manuhi Adolf lan matah dhèwèké dadi kang ngawasi kebon. Mangkonoa, Frederick ora seneng marang sesambungané Adolf karo Ervine lan , nanging, iku cemburu Adolf lan Ervine sesambetan lan ngajak mitra makaryané ing keboné van Kempen mogok supaya Adolf kalèrèhaké. Sanajan kuciwa, van Kempen kudu nglèrèh anaké lanang iku.

Adolf lunga menyang Lampung ing Sumatra saperlu mbedhag gajah. Éwadéné, Frederick wiwiti ngreremih Annie, kang panggah nulak dhèwèké kaya sadurungé. Nalika bali lan ngrungu tindaké kang ngawasi kebon iku, Adolf gelut karo Frederick lan kasil ngasoraké dhèwèké. Ervine ngrungu yèn dhemenané wis bali banjur menyang gedhèg ing alas. Dhèwèké mèh semaput sawisé kaudanan. Adolf ngirimi van Kempen layang bab panggonané Ervine. Kulawarga iku wusana ngumpul manèh.[a]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Derived from Biran 2009, kc. 120–121

Réferènsi[besut | besut sumber]