Menyang kontèn

Dali Ni Horbo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Dali ni Horbo utawi Bagot ni horbo inggih punika toya susu kebo ingkang dipunolah kanthi cara ingkang tradhisional. Dhaharan punika kalebet dhaharan ingkang khas Batak saking wewengkon Tapanuli.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Miturut cariyosupun, tradhisi anggènipun ngolah susu kebo dados dali punika sampun kawiwitan saking leluhur tiyang Batak wiwit saking wontenipun komunitas Batak. Saben griya dhahar khas Batak, dali punika dados menu utama. Supados pikantuk dali, padatanipun ing saben pasar ing Tapanuli, dali punika dados komunitas dagangan.

Kandhutan lan pangolahing dali

[besut | besut sumber]

Kandhutan gizi wonten ing dali padatanipun boten béda kaliyan kandhutan gizi susu sanèsipun kadosta lemak, karbohidrat, lan protéin. Nanging namung béda anggènipun ngolah kanthi prasaja lan ngginakaken piranti ingkang tradhisional lan boten ngginakaken unsur kimia. Babon kebo ingkang susunipun badhé dipunperes, menawi bayinipun kebo punika umuripun sampun setunggal wulan. Pérangan punika gadhah ancas bilih saksampunipun nglairaken bayi kebo dèrèng saged dhahar dhaharan ingkang biyasa lan tasih nggantungaken toya susu saking babonipun sedangunipun setunggal wulan.

Anggènipun meres susu kebo punika dipunlampahi kirang langkung tabuh 6 énjang. Pérangan punika ugi gadhah ancas supados anak kebo kasebat boten keganggu nalika nyusoni. Kathahipun susu ingkang dipunperes saking setunggal babon kebo punika rata-rata 2 liter ing saben dintenipun. Sejatosipun menawi dipunmaksimalaken saged 3 dumugi 4 liter ing saben dintenipun, nanging amargi wonten tetimbangan kanggé nyekapi kabetahan susu anak kebonipun namung dipunpendhet susunipun kirang langkung 2 liter saben dintenipun.

Sadèrèngipun susu kebo dipunperes, kedah dipunresiki ngginakaken toya anget rumiyin supados njagi susu kasebat supados tansah resik. Satunggal babon kebo saged dipunpendhet toya susunipun dumugi 5 wulan, nanging anak kebo ingkang nyusu babonipun dumugi 8 wulan. Wonten ing wulan kaping 6 kualitas saking susu kasebat sansaya kirang lan sampun boten saé menawi dipundhahar déning manungsa. Kanggé nambah kualitas lan kuantitas susu kasebat, babonipun dipunparingi dhaharan tambahan inggih punika uwi lan dhedhak lajeng dipunudhak mawi sarem/ uyah sacekapipun sarta dipuntambah ugi kaliyan sapérangan jinis vitamin. Prosès ingkang salajengipun inggih punika susu asiling saking perahan dipun-godhog kirang langkung 10 menit wonten ing wadhah ingkang stèril kanthi nambahaken toya nenas supados susunipun tambah kenthel sarta ngirangi raos amisipun. Dali ugi dipuncampur kaliyan toya peresan godhong katès.

Rujukan

[besut | besut sumber]

Cithakan:Suku Batak Toba


Cithakan:Makanan-indonesia-stub Cithakan:Suku-Batak-stub