Menyang kontèn

Bukit Bintang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bukit Bintang punika sesebutan kanggé papan wisata ingkang wonten ing tlatah Gunungkidul, mliginipun wonten ing Hargodumilah. Papan punika langkung kawentar minangka papan wisata gadahipun kabupaten Gunungkidul, nanging sayektosipun Bukit Bintang punika wonten ing wates antawisipun Kabupatèn Gunungkidul kaliyan Kabupatèn Bantul. Malah langkung kathah ingkang mlebet Kabupatèn Bantul. Papan punika dipunwastani Bukit Bintang kaliyan warga sakiwa-tengené amargi manawi wanci dalu saking bukit punika saged mirsani suasana kutha Ngayogyakarta ingkang pating gemerlap lampu-lampunipun.[1] Wonten Bukit Bintang punika kathah ingkang damel warung-warung ingkang paring manéka warna dhaharan ugi jajanan. Ingkang boten kersa wonten warung punika saged mirsani pemandhangan kutha Ngayogyakarta saking kretek Bukit Bintang. Wonten ngriku inggih kathah jajanan kados ta saté lan jagung bakar.[2] Bukit Bintang mapan ing jalur utama Yogyakarta–Wonosari, langkung caket kaliyan Kretek Bukit Bintang. Papan punika gampang dipunakses lumantar dalan provinsi lan asring dados panggonan mandheg para lelungan.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. https://visitingjogja.jogjaprov.go.id – Visit Jogja. Bukit Bintang Gunungkidul.
  2. https://travel.kompas.com – Kompas Travel. Menikmati Lampu Kota dari Bukit Bintang Yogyakarta.

Kategori

[besut | besut sumber]