Menyang kontèn

Bill Murray

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bill Murray

Asma wiyosan William James Murray
Miyos 21 Sèptèmber 1950 (umur 75)
Amérika Sarékat Wilmette, Illinois, Amérikah Sarékat
Pakaryan Aktor/Komedian
Sisihan Margaret Kelley (1981-1996)
Jennifer Butler (1997-2008)

Bill Murray utawa William James "Bill" Murray (lair 21 Sèptèmber 1950; umur 75 taun) ing Wilmette, Illinois, Amérikah Sarékat, inggih punika salah satunggalipun aktor lan ugi bintang lawak saking Amérikah Sarékat.[1][2] Panjenenganipun misuwur amargi main ing acara Saturday Night Live ing taun 1977.[2] Sasanèsipun punika, panjenenganipun naté menangaken nominasi Academy Award lan Emmy Award.[2] Panjenenganipun wiwit kariér ing jagad filem awit taun 1976.[2] Bill naté main filem lawak Stropes, Groundhog Day, Caddy Shack, Ghost Busters, lan Rushmore.[2] Kalebet ugi ing filem-ipun ingkang misuwur Lost in Translation, Broken Flowers, lan The Royal Tenenbaums.[2] Ngantos dumugi filem Lost in Translation, Bill Murray kasil mlebet nominasi kanggé aktor ingkang saé piyambak ing adicara Academy Award.[2]

Gegayutan kaliyan pagesanganipun, Bill Murray naté palakrami kaliyan Margaret Murray (1980-1996).[2] Nanging palakrami punika boten saged dangu amagi Bill selingkuh kaliyan desainer kostum Jennifer Butler. Pungkasanipun kekalihipun pegatan.[2] Salajengipun, Bill palakrami malih kaliyan Butler nalika tanggal 4 Juli 1997.[2] Saking kalih tiyang èstri garwanipun punika, Bill Murray patutan cacah enem ingkang sedayanipun punika jaler.[2]

Filmografi[2]

[besut | besut sumber]
  • 1975 TARZOON: SHAME OF THE JUNGLE
  • 1976 NEXT STOP, GREENWICH VILLAGE
  • 1977–1980 SATURDAY NIGHT LIVE
  • 1978 ALL YOU NEED IS CASH
  • 1979 MEATBALLS
  • 1979 MR. MIKE'S MONDO VIDEO
  • 1980 WHERE THE BUFFALO ROAM
  • 1980 CADDYSHACK
  • 1981 STRIPES
  • 1982 TOOTSIE
  • 1984 GHOSTBUSTERS
  • 1984 NOTHING LASTS FOREVER
  • 1984 THE RAZOR'S EDGE
  • 1986 LITTLE SHOP OF HORRORS
  • 1988 SHE'S HAVING A BABY
  • 1988 SCROOGED
  • 1989 GHOSTBUSTERS II
  • 1990 QUICK CHANGE
  • 1990 HAMLET
  • 1991 WHAT ABOUT BOB?
  • 1993 GROUNDHOG DAY
  • 1993 MAD DOG AND GLORY
  • 1994 ED WOOD
  • 1996 KINGPIN
  • 1996 LARGER THAN LIFE
  • 1996 SPACE JAM
  • 1997 THE MAN WHO KNEW TOO LITTLE
  • 1998 WILD THINGS
  • 1998 RUSHMORE
  • 1999 CRADLE WILL ROCK
  • 2000 CHARLIE'S ANGELS
  • 2001 OSMOSIS JONES
  • 2001 THE ROYAL TENENBAUMS
  • 2003 LOST IN TRANSLATION
  • 2003 COFFEE AND CIGARETTES
  • 2004 GARFIELD: THE MOVIE
  • 2004 THE LIFE AQUATIC WITH STEVE ZISSOU
  • 2005 BROKEN FLOWERS
  • 2005 THE LOST CITY
  • 2006 GARFIELD: A TAIL OF TWO KITTIES
  • 2007 THE DARJEELING LIMITED
  • 2008 GET SMART
  • 2008 CITY OF EMBER
  • 2009 THE LIMITS OF CONTROL
  • 2009 FANTASTIC MR. FOX
  • 2009 ZOMBIELAND
  • 2010 GET LOW
  • 2010 PASSION PLAY
  • 2012 MAD
  • 2012 MOONRISE KINGDOM

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

* Bill Murray di Internet Movie Database

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "Bill Murray Biography (1950-)". Film Reference. Dibukak ing 2007-11-12.
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 Bill Murray dipunundhuh tanggal 21 September 2011)