Menyang kontèn

Basa Tengger

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Basa Jawa Tengger)

Carabasa Tengger iku salah sawijiné dialek saka Basa Jawa kang dicaturaké ing tlatah Gunung Brama kang kalebu wewengkon Pasuruan, Prabalingga, Malang lan Lumajang.

Ing Pasuruan, carabasa Tengger tinemu ing kacamatan Tosari, sabanjuré ing Prabalingga, tlatah kacamatan Sukapura, manawi Malang, carabasa Tengger dicaturaké ning wewengkon désa Ngadas, kacamatan Pancakusuma. Kang pamungkas, ing Lumajang dicaturaké ing wewengkon Ranupane, kacamatan Sendura.

Carabasa iki dianggep tedhaking basa Jawa kunå lan pertengahan kang tansah akèh njaga ukara-ukara kuna kang wis arang-arang dinggo ning Basa Jawa liyane

Upami :

  • reyang : aku, kang ngomong wong lanang
  • isun  : aku, kang ngomong wong wadon

Aksara a kang ana ing basa Jawa Baku (Surakartå-Yogyakartå) kawacan jejeg, ning Tengger kawacan miring. Tetep kaya basa Kawi lan Basa Banyumasan.

Mugi mirsani

[besut | besut sumber]