Lelara Alzheimer
Lelara Alzheimer | |
---|---|
Diagram utak lumrah tinimbang utek tiyang kaserang Alzheimer | |
Specialty | Neurologi |
Gejala | Memory loss, problems with language, disorientation, mood swing |
Komplikasi | Dehidrasi lan pneumonia ing tahap-tahap pungkasan |
Usual onset | 65 warsa |
Duration | Jangka panjang |
Sebab | Kirang dipunpangertos[1] |
Faktor risiko | Genetika, benturan sirah, depresi klinis, hipertensi,[1] stres,[2] |
Pangobatan | Acetylcholinesterase inhibitor, NMDA receptor antagonist |
Alzheimer minangka lelara neurodegeneratif ingkang wiwitanipun alon lan dados langkung parah wekdal lumampah.[3] Alzheimer nyumbang 60-70% kasus demensia.[4][5] Gejala awal ingkang paling umum saking lelara Alzheimer inggih punika kangelan ngelingi kedadosan ingkang nembe kalampahan. Minangka lelara punika maju, gejala saged kalebet masalah basa, disorientasi, owah-owahan swasana ati, kurang motivasi, nglirwakaken dhiri, lan masalah prilaku.[6] Tiyang ingkang kaserang lelara Alzheimer asring mundur saking kulawarga lan masyarakat minangka kondisi dados langkung parah.[7] Wekdal lumampah, lelara Alzheimer ngasilaken ilangipun fungsi badan lan pungkasanipun nyebabaken pati. Wekdal urip rata-rata sawise diagnosa lelara Alzheimer inggih punika tigang ngantos 9 taun, sanadyan punika saged beda-beda. Informasi punika kedah dipunanyari.[8][9]
Sebabipun Alzheimer mboten dipunpangertos kaliyan sae.[10] Nanging, lelara menika gadhah gandhengan kaliyan akèh faktor risiko lingkungan lan genetik.[11] Faktor risiko genetik ingkang paling ageng asalipun saking varian gen apolipoprotein E. Faktor risiko sanèsipun kanggé Alzheimer kalebet gadhah riwayat cidera sirah, depresi klinis, lan tekanan darah ingkang dhuwur. Prosesi majuning Alzheimer kalebet pembentukan plak amiloid, tangles neurofibrillary, lan ilangipun sambungan antaraneuron ing otak. Diagnosa kemungkinan Alzheimer dipun-ginakaken adhedhasar riwayat lelara lan tes kognitif, kanthi panggunaan pencitraan medis lan tes getih kanggé mbedakaken sebab sanèsipun. Gejala awal Alzheimer asring dipun-salahartèkaken minangka sepuhipun otak ingkang lumrah.[12] Diagnosa pasti Alzheimer mbutuhaken pemeriksaan jaringan otak, ingkang namung saget dipunlaksanakaken sawisé tiwas.
Ing wekdal punika, wonten sawetawis pilihan pengobatan kangge ngladosi gejala lelara demensia, nanging dereng wonten kang saged mandhegaken utawi mbalikaken progresi lelara punika. Kangge ngladosi gejala kanthi sementara, diet sehat, aktivitas fisik, lan kegiatan sosial dipunanggep migunani, saha saged mbantu nyuda resiko penurunan kognitif lan Alzheimer. Nanging, tiyang kang kaserang lelara punika saya suwe saya butuh pitulungan saking tiyang sanes, ingkang asring dados bebanten kangge para perawat. Bebanten kangge perawat punika saged kalebet tekanan sosial, psikologis, fisik, lan ekonomi.[13] Exercise programs may be beneficial with respect to activities of daily living and can potentially improve outcomes.[14] Program latihan fisik ugi dipunanggep migunani kangge mbantu aktivitas saben dinten lan potensial kangge ningkataken asil. Sanajan mangkono, panggunaan antipsikotik kangge ngladosi masalah prilaku utawi psikosis amargi demensia kadhang kala dipunanggep, nanging punika saged nambah resiko pati ingkang langkung awal.[15][16]
Ing taun 2020, wonten kinten-kinten 50 yuta tiyang ing donya ingkang gesang kalihan lelara Alzheimer.[17] Lelara menika asring wiwitanipun ing tiyang ingkang sampun langkung saking 65 warsa, nanging wonten ngantos 10% kasus ingkang minangka awal wiwitan, mangaruhi tiyang ingkang umuripun antawisipun 30 ngantos tengahan 60-an warsa.[18][19] Kirang langkung 6% tiyang ingkang umuripun langkung saking 65 warsa kapangaruhan dening lelara Alzheimer, kanthi wanita langkung asring kapangaruhan tinimbang lanang. Lelara menika dipunjenengi miturut Alois Alzheimer, satunggiling psikiater lan patolog Jerman ingkang sepisanan njlentrehake ing taun 1906. Biaya global taunan kanggé lelara Alzheimer dipunkira-kira ngantos US$1 triliun. Alzheimer ugi dados sebab kaping pitu paling dhuwur saking pati ing Amerika Serikat.[20]
Sitiran
[besut | besut sumber]- ↑ a b Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengKnopman2021
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengYu 1201–1209
- ↑ "Dementia Fact sheet". World Health Organization. 15 March 2023. Dibukak ing 10 July 2023.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengWHO20232
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengSimon2018p111
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengWHO20233
- ↑ Burns A, Iliffe S (February 2009). "Alzheimer's disease". BMJ. 338: b158. doi:10.1136/bmj.b158. PMID 19196745. S2CID 8570146.
- ↑ Querfurth HW, LaFerla FM (January 2010). "Alzheimer's disease". The New England Journal of Medicine. 362 (4): 329–344. doi:10.1056/NEJMra0909142. PMID 20107219. S2CID 205115756.
- ↑ Todd S, Barr S, Roberts M, Passmore AP (November 2013). "Survival in dementia and predictors of mortality: a review". International Journal of Geriatric Psychiatry. 28 (11): 1109–1124. doi:10.1002/gps.3946. PMID 23526458. S2CID 25445595.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengBMJ20093
- ↑ "Study reveals how APOE4 gene may increase risk for dementia". National Institute on Aging. 16 March 2021. Diarsip saka asliné ing 17 March 2021. Dibukak ing 17 March 2021.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengBMJ20094
- ↑ Thompson CA, Spilsbury K, Hall J, Birks Y, Barnes C, Adamson J (July 2007). "Systematic review of information and support interventions for caregivers of people with dementia". BMC Geriatrics. 7: 18. doi:10.1186/1471-2318-7-18. PMC 1951962. PMID 17662119.
- ↑ Forbes D, Forbes SC, Blake CM, Thiessen EJ, Forbes S (April 2015). "Exercise programs for people with dementia". The Cochrane Database of Systematic Reviews (Submitted manuscript). 132 (4): CD006489. doi:10.1002/14651858.CD006489.pub4. PMC 9426996. PMID 25874613.
- ↑ "Low-dose antipsychotics in people with dementia". National Institute for Health and Care Excellence (NICE). Diarsip saka sing asli ing 5 December 2014. Dibukak ing 29 November 2014.
- ↑ "Information for Healthcare Professionals: Conventional Antipsychotics". US Food and Drug Administration. 16 June 2008. Diarsip saka sing asli ing 29 November 2014. Dibukak ing 29 November 2014.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengBreijyeh2020
- ↑ "Alzheimer's Disease Fact Sheet". National Institute on Aging. Diarsip saka asliné ing 24 January 2021. Dibukak ing 25 January 2021.
- ↑ Mendez MF (November 2012). "Early-onset Alzheimer's disease: nonamnestic subtypes and type 2 AD". Archives of Medical Research. 43 (8): 677–685. doi:10.1016/j.arcmed.2012.11.009. PMC 3532551. PMID 23178565.
- ↑ "Alzheimer's Disease Fact Sheet". National Institute on Aging. Diarsip saka sing asli ing 23 March 2022. Dibukak ing 23 March 2022.