Alexandre Dumas
| Alexandre Dumas, père | |
|---|---|
Alexander Dumas (1855) | |
| Lair | 24 Juli 1802 Villers-Cotterêts, Aisne, Prancis |
| Pati | 5 Dhésèmber 1870 Puys |
| Pakaryan | Sastrawan, dramawan |
| Anak | Alexandre Dumas, fils |
| Wong tuwa | Alexandre Dumas |
Alexandre Dumas, père ya iku sastrawan, juru tulis Prancis kondhang ing abad 19.[1] Dhèwèké lair ana Villers-Cotterêts, Aisne, Prancis, tanggal 24 Juli 1802.[1] Séda ana Puys, tanggal 5 Dhésèmber 1870.[1][2]
Dhèwèké éntuk réputasi gedhé sepisanan minangka dramawan, banjur novèlis sujarah, mligi karyané the Count of Monte Cristo lan the Three Musketeers.[1]
Dhèwèké ya iku anaké Jendral Prancis, Thomas-Alexandre Davy de la Pailleterie utawa Thomas-Alexandre Dumas utawa kondhang minangka Alexandre Dumas.[1] Dhèwèké ya iku uga bapaké juru tulis Prancis, Alexandre Dumas, fils.[1]
Simbah kakunge priyayi, simbah putriné batur tukon Dominikan.[2] Bapaké séda nalika dhèwèké umur 4 taun.[2]
Dumas dudu murid kang cukup apik, nanging tulisané apik-apik, dhèwèké sinau kanggo makarya minangka sekretaris (kang nyeksèni pirang-pirang dokumèn wigati ditandhatangani).[2] Dhèwèké uga wiwitan nulis komèdhi musikal lan lakon sujarah karo kancané Adolphe de Leuven.[2] Prastawa sujarah dadi bahan pokok ana pakaryané.[2]