Akupunktur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Akupuntur awalé diterapna ing negeri tirai bambu (Cina), nanging suwé-suwé nyebar ana ing kabèh dhaérah ing Indonésia, kalebu Yogyakarta. pengobatan iki akeh gunane. ahli medis uga nliti bab akupunktur kang dipadu karo ilmu kedokteran. Ig Yogyakarta, akupunktur nduwèni khas dhéwé. Ing panggon liyané, akupunktur mung diterapna kanggo ilmu kedokteran, ing Yogyakarta malah uwis diramu nganggo pengobatan alternatif.

Akupunktur uga asring digabung karo model pengobatan tradhisional, nganggo ramuan obat, uga ana kang dimanfaatké déning tabib. Ing Yogyakarta akeh pengobatan akupunktur. umume para pasien asring wedi karo pengobatan akupunktur. tapi nalika para pasien ngerti mupangat lan deteksi dini saka akupunktur, pasien dadi ora wedi maneh. perkara ngono kuwi tau dialami dening Presiden Soekarno. tim dokter kepresidenan tau menehi pamanggih supaya Presiden Soekarno operasi. tapi operasi ora tau dilakoni., merga tim akupunktur saka RRC isa ngobati nganti mari. kuwi kang diomongke tim akupuntur, Wahyudi, saka Yogyakarta. akhire, Presiden Soekrno menehi perintah marang Menteri Kesehatan, Prof. Dr. Satrio, supaya akupunktur isa dikembangna lan disinauni ing Indonesia.

Sarana[besut | besut sumber]

Akupunktur uga bisa disebut pengobatan tradhisional kang nganggo kekuatan jarum. dadi, ana uga kang nyebut tusuk jarum. tapi, jarum kang dienggo yakuwi jarum khusus kang kadang kala ditambah karo kauterisasi moxawool kang dibakar, digawe saka Artemisia vulgaris kang digaringke lan dialuske. jarum kang dienggo digawe saka bahan stainless steel.bagian kang kudu ditusuk jarum ya kuwi gumantung karo jinikang penyakit, dideteksi nganggo piranti kayata kabel, jarum jam lan kumparan wesi. wesi kuwi ditempelke ana ing bagian awak pasien. yen ana getaran lan swara, ahli tusuk jarum uwis isa ngerti maneka warna jinikang penyakit. seka kono uga bakal ditemtokaken bagian endi wae kang kudu dikenani tusuk jarum. seka maneka warna bagian awak kang akeh dikenani tusukan jarum, antarane kayata kuping, bagian mburi kuping, bagian pilingan, weteng, sirah, lan sapiturute. makang-makang kuwi ana hubungane karo penyakit kang diduweni pasien. tusukan kuwi nduweni tujuwan ya kuwi kanggo menehi rangsangantumrap sistem neurovegetatif, sistem endoktrin lan sistem kardiovaskuler.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Endraswara, Suwardi (2010). FOLKLOR JAWA Macam, Bentuk, dan Nilainya. Jakarta: Penaku. k. 184. ISBN 978-979-18532-6-2.