Menyang kontèn

Ahmad Arif

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ahmad Arif (lair ing Acèh Kidul Wétan, 12 Maret 1981) ya iku salah sawijining rélawan gerakan literasi saka Acèh. Wektu isih kuliah ana ing Universitas Islam Negeri Syarif Hidayatullah Jakarta taun 2000-2004, dhèwèké ora tau kèri mèlu acara pambabaran lan bedhah buku. Ancas sepisan supaya olèh élmu lan kapindhoné supaya olèh buku gratis. Dhèwèké nglakokaké gerilya buku supaya bisa mbuka perpustakaan kanggo warga Acèh ing kauripan sabanjuré. Sakwisé mandheg kuliah, dhèwèké kagabung dadi rélawan ing organisasi manca. Nalika dadi rélawan, dhèwèké lan bojoné nganakaké perpustakaan gratis kanggo para warga Acèh kang dibantu dèning para rélawan mahasiswa.[1]

Kulawarga

[besut | besut sumber]

Ing pungkasané sasi Fèbruari 2005, Arif dikenalaké karo wanita saka Banda Acèh dèning ustad kang dikenal dening dhèwèké. Wanita iku salah sijiné santri saka bojoné ustadé, jenengé ya iku Rizky Sopya. Sakwisé iku, Arif olih tawaran saka Kerajaan Malaysia supaya mbantu ngumpulaké bantuan kanggo tsunami Acèh ing Kuala Lumpur. Ananging, ana syaraté, ya iku dhèwèké kudu wis nikah, tawaran iki ora disarujuki dèning Arif amarga dhèwèké durung nikah. Dhèwèké nikah karo Rizky Sopya ing tanggal 4 Maret 2005.

Saka nikahé iku, dhèwèké duwè putra kang cacahé 2. Kang jenengé ya iku Faiz Fatih Arifqi lan Nazia Mutaza Arifqi. Umuré Faiz Fatih Arifqi iku 12 taun lan umuré Nazia Mutaza Arifqi 8 taun. Nalika wis nikah, dhèwèké di dhukung babagan kagiyatan sosial déning bojoné. Ing kagiyatané, bojoné mbantu ngurusi 8 program kang wis lumaku lan ngawal para rélawan Ruman, dènè dhèwèké ngurusi urusan buku lan hubungan njaba.[2]

Sakdurungé rabi karo Rizky Sopya, Ahmad Arif nggolèk élmu ing Jurusan Muamalah, Fakultas Syariah, UIN Syarif Hidayatullah Jakarta saka taun 2000-2004. Ing taun 2003 minangka semester enem, dhèwèké melu acara bedhah buku Mengelola Hidup dan Merencanakan Masa Depan, karyané Marwah Daud Ibrahim. Nalika kuliah ing UIN Syarif Hidayatullah, dhèwèké olih bantuan biaya pendhidhikan awit semester telu.

Ing taun 2005, dhèwèké olih nonaktif rong semester kanthi ora pedhot, minangka aprésiasiné saka kampus babagan kontribusiné ing bidhang sosial. Pungkasané taun 2006, Arif mulih menyang Jakarta kanggo ngurus surat pindah kuliah ing IAIN Ar-Raniry (saiki UIN Ar-Raniry). Dhèwèké kepéngin ngrampungaké kuliah S1-né ing Acèh. Wektu iku, Direktur Qatar Charity Indonésia – Acèh ngolihaké yén dhèwèké ngrampungaké kuliahé ing Acèh lan jadwal kerjané bakal diatur. Arif ditampa pindah kuliah dèning Prof Yusni Sabi, réktor IAIN. Dhèwèké mung kudu ngrampungaké kuliahé manawa kuliahé ing Jakarta durung rampung.

Ing taun 2007, réktor IAIN Ar-Raniry wis ganti lan surat pindhahé lumebu ing IAIN Ar-Raniry. Ngerti réktoré ganti, kebijakané uga mesthi ganti. Dhèwèké kudu mèluni muatan lokal 3 lével. Sanadyan muatan loka ing Jakarta namung 2 level. Manéhé maning, dhèwèké olih 9 mata kuliah tambahan kang wiwitané mung 3 mata kuliah. Saka kadadèan iki, dhèwèké netepaké mandheg kuliah lan fokus kerja ing Qatar Charity.

Diwiwiti saka gempa lan tsunami Acèh taun 2004, dhèwèké mulih menyang Acèh kanthi ninggalaké kuliahé ing Jakarta kana. Dhèwèké mèlu kagabung ing tim sukarélawan kang tugasé distribusikaké pitulungan marang para korban. Ing sasi Agustus 2004, digawè organisasi Peace (Peduli Pendhidhikan Anak Acèh) Foundation kang tegesé “damai”, kanggo miyantu pendhidhikan ing kuthta Acèh. Arif dipitaya dadi Wakil Direktur Peace kang manggoné ana ing Jakarta.

Nalika dhèwèké dadi rélawan, dhèwèké asring bareng karo rélawan manca amarga kaprigelané nguasani Basa Arab lan Basa Inggris. Kanthi dhèwèké olih dhuwit saka Lembaga Kemanusiaan Nasional Pos Keadilan Peduli Umat (PKPU) Acèh per 31 Dèsémber 2004 minangka dadi staf Humas, ananging dhèwèké metu sakwise wis 6 sasi. Arif uga kagabung ing program Children Center saka Dinas Sosial Acèh, dhèwèké methu sakwisé wis setengah taun. Ing sasi Maret 2005, dhèwèké kagabung ing Qatar Charity Indonésia cabang Acèh lan njabat dadi staf. Dhèwèké èsih aktif ing Qatar Charity Indonésia cabang Acèh kanthi saiki. Saksuwéné dadi sukarélawan, dhèwèké mbuka kapustakaan kanggo para warga Acèh.

Program

[besut | besut sumber]

Taman Bacaan Masyarakat (TBM) Rumah Baca Aneuk Nanggroe (Ruman) Acèh dianakaké wiwit sasi Januari taun 2007. Program iki wis ngasilaké 8 kagiyatan layanan sosial kanthi cara gratis. Babagan iki, Ruman bisa makili Acèh ing lomba Anugerah Pilar Sosial Kemensos RI ing Jakarta, 16 – 18 Agustus 2015.

Ing taun  2013, Arif nggawè sawijining ruwangan ing kontrakané dadi perpustakaan kanggo umum. Dhèwèké dadi diréktur Ruman Acèh. Buku kanggo diwaca ing Ruman ana 2.000 irah-irahan, jurnal, lan  majalah 1.000 èksemplar sing dikumpulaké minangka dhèwèké kuliah ing Jakarta. Banjur dhèwèké uga tuku piranti kanggo perpustakaané lan mbuka jasa bimbingan sinau gratis kanggo para pelajar. Ngerti yèn perpustakaané mau ora ramè, dhèwèké nggawa buku-buku sing ana ing Ruman menyang Lapangan Blang Padang supaya para pamaca ora kangélan anggoné maca buku. Lapangan Blang Padang iku panggon masyarakat Acèh kanggo olahraga énggal dina minggu.

Ing taun 2018, TBM Ruman Acèh wis nyilihaké 12.630 buku wacanan gratis kanggo warga ing dhaérah Acèh. Ruman manggon ana ing Gampong Punge Blang Cut, Kecamatan Jaya Baru, Banda Acèh. Ruman Acèh duwèni 8 panggon ing dhaérah-dhaérah kabupatén/kota Acèh. Tembung Ruman kang asalé saka basa Acèh duwèni teges pasuryan.

Mibara iki diwiwiti taun 2014. Ing wulan Fèbruari 2014, Arif ngangkut atusan buku menyang Blang Padang nggunakaké bécak langganan. Buku-buku iku ditata ing ndhuwuré karpèt, lan ana spanduk kang kepasang kanti tulisan ”Minggu  Baca Ramè-ramè (Mibara)” supaya kabèh wong ing lapangan iku ngerti yèn buku iku disediakaké kango umum. Bukuné werna-werna, tuladhané ana buku kang témané agama, novel, carita anak, lan buku kanggo pelajar. Wis ana 14.000 koléksi buku sing ana ing perpustakaan Mibara iki. Énggal dina minggu, buku sing di gawa cacahé nganti 500 irah-irahan kang gonti-ganti.

Wiwitané para pamaca ora percaya yèn buku-buku iku bisa digawa mulih namung ninggalaké nomor télpon. Biasané yèn nyilih buku ing perpustakaan iku akèh syarat administrasiné, kaya ta kartu anggota, surat katerangan saka kampus, lan bayar denda yèn telat mbalékaké. Ananging, ing Mibara iku ora ana syarat khusus, syaraté mung padha-padha percaya waé.

Saiki Mibara wis ramè déning para pamaca. Ana 3 buku terbitan lawas kang disilih pamaca ora dibalèkaké menyang perpustakaan. Kahanan iki nggawé dhèwèké péngin mandhegna Mibara iki, ananging para rélawan ora sarujuk lan Mibara tetep diterusaké. Ana kadadèan liyané manèh, ya iku ana warga kang nawaraké hibah buku kanggo Mibara, dhèwèké nekani omah warga kasebut kanggo njukut bukuné kang disumbangaké. Buku kang disumbangaké mau kanti cacah 1.935 irah-irahan.

Ketua TBM Ruman Acèh ya iku Fadillah Islami Chaniago. Mituruté Fadli, nganti ing sasi Desember 2018, Mibara wis dianakaké nganti ping 174. Cacahé buku wacanan kang disilih kanthi gratis nganti 2.835 buku ing dhaérah Kota Banda Acèh lan Acèh Besar.

Rumah Pustaka

[besut | besut sumber]

Seliyané TBM Ruman Acèh lan Mibara, Arif uga nganakaké program buku wacanan gratis liyané kanthi program Rumah Pustaka. Program iki dilakokaké kanggo warga kang panggonané adoh saka panggonan Ruman Acèh utawa panggonan Mibara ing Blang Padang. TBM Ruman Acèh wis mbuka 10 panggon Rumah Pustaka ing dhaérah Pidie, Pidie Jaya, Acèh Jaya, Acèh Singkil, Bener Meriah, Acèh kidul wetan, Acèh Besar lan Banda Acèh.[3]

Panyilihan Buku

[besut | besut sumber]

Saka perpustakaan kang wis dilakokaké dèning Arif, ana catatan taun 2016 nganti taun 2018 saka program perpustakaané. Taun 2016, cacahé wong kang nyilih buku nganti 3.181 wong lan cacahé buku kang disilih nganti 11.738 buku. Sawetara iku cacah panyilihan buku ing taun 2017 lan 2018 nganti 4.812 wong lan cacahe buku kang disilih nganti 16.438 buku. Saiki, koléksi buku ing Mibara cacahé 14.000 irah-irahan. Buku-buku iku 95 persèn kasil saka donasi para warga.

Saka taun 2017, ana kamudhunan kanti 10 persèn ing taun 2018. Kamudhunan iki saka 10.430 wacanan dadi 9.813 wacanan lan saka 3.039 panyilihan dadi 2.835 panyilihan. Kamudhunan iki disebabaké dèning 2 faktor. Faktor kapisan ya iku car free day (CFD) utawa dina bebas saka kendharaan kang dadi agenda rutin Pemko Banda Acèh enggal dina Mingguné. Kapindho, nambahé wong sing remen karo literasi nglakokaké kagiyatan sing padha karo Mibara. Miturut Fadli, manawa program perpustakaané iku wis nyilihaké 2.817 wacanan ing 8 kabupatén/kota.

Rélawan

[besut | besut sumber]

Nalika Arif nganakaké program perpustakaan, dhèwèké ngajak para mahasiswa supaya dadi sukarélawan kanggo ngladèni para pamaca ing perpustakaané. Wis ana 16 sukarélawan, sing duwèni jadwal pikét 4 wong énggal mingguné. Sukarélawan ora digaji, ananging mangané dibayar déning Arif.

Para mahasiswa sing tau dadi sukarélawan ing Mibara padha ngrembakaaké gerakan literasi kuwi ana ing dhaérah-dhaérah liyané. Sukarèlawan iku padha mbuka perpustakaan ing omah utawa ing ruwang publik. Sukarélawan iku uga nyilih buku sing wis ana ing Mibara. Saiki wis ana 37 perpustakaan gènè sukarélawan Mibara ing 9 kabupatén / kota Acèh.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Zulkarnaini, Zulkarnaini (2018-10-01). "Ahmad Arif Gerilya Buku untuk Perpustakaan Terbuka". Kompas.
  2. Dimila, Makmur (2016-03-01). "Ahmad Arif, Impiannya Terwujud Meski Tanpa Sarjana". Pikiran Merdeka. Dibukak ing 2019-03-12.
  3. Lisnawati, Yulia (2019-01-05). "Dukung Gemar Membaca, Tbm Ruman Aceh Pinjamkan Ribuan Buku ke Warga". Liputan6. Dibukak ing 2019-05-08.