Wu Chun

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wu Chun
吳尊.JPG
Wu Chun at Super Hot autograph-singing event on 18 September 2010
Jeneng Cina 吳尊 (Tradhisional)
Jeneng Cina 吴尊 (Prasaja)
Pinyin Wú Zūn (Mandarin)
Asal Republic of China (Taiwan)
Pakaryan singer, actor, spokesperson, model
Genre Mandopop
Instrumen Drums, percussion
Voice type(s) bass
Label(s) HIM International Music (Taiwan)
WOW Music (HK)
Pony Canyon (Japan)
Taun aktif 2005-saiki
Associated acts Fahrenheit

Wu Chun (吳尊 吴尊 Wú Zūn) lair ning tanggal 10 Oktober 1979 (umur 32), jenengé nalika cilik Goh Kiat Chun, dhèwèké kalairan Brunei, dhèwèké kuwi aktor, penyanyi, modhèl, lan instruktur gym ing Taiwan, [1] dheweké sering tampil ing drama télévisi, kayata sèrial film télévisi kang judhulé Hanazakarino Kimitachihe, Romantic Princess, Hot Shot lan Tokyo Juliet. [1] Priya kang uga dadi instruktur senam kuwi lulusan saka RMIT University ning Melbourne, Australia ning bidang administrasi bisnis kang ngurusi daerah olahraga anduwené kaluwargané dhewé sing ana ning Brunei Darusalam.[1]

Ing taun 2002, Wu wis dadi kepala ing Hotèl Palm Garden lan ing ngisoré tanggung jawabé ana pusat kebugaran utawa olahraga ning Brunei. [1] Dhèwèké uga dadi pemain ing tim basket nasional Brunei nalika kuwi. [1]

Sasuwéné nggabung ning grup band Fahrenheit, dheweké uga meluni donya model ning Taiwan lan dadi diva model ning Singapura. [1] Kanggo usaha lan kasuksesané, Wu olih panghargaan dadi pangusaha enom taun kuwi ning ajang Asia Pacific Entrepreneurship Awards ning sasi Augustus. [1] Taun 2005, Wu uga dadi anggota saka boy band kangjenengé Fahrenheit lan dadi bass vokalis.[1]

Film-film kang tau dibintangi dening dheweké yakuwi : dirilis ning taun 2008, THE BUTTERFLY LOVERS, dirilis ning taun 2010, 14 BADES, lan kang esih lagi proses produksi kang rencanané bakal ditayangaké taun 2011, MY KINGDOM, lan aktingé ning drama televisi nganti saiki.[1]

Taun 2006 lan taun 2007, Wu olih panghargaan kang bisa diomong lumayan.[1] Panghargaan kasebut kayata : ning taun 2006 AF Golden Globes lan panghargaan ning taun 2007: Taiwan's Most Improved Actor, Grup band kang dianggotani dening dheweké dadi Grup band kang paling diidolakaké ning Taiwan ning ajang Sprite Awards, lan esih ana panghargaan liyané.[1]

Ning Filmé kang paling ayar, MY KINGDOM dheweké nyumbang dadi pangisi soundtrack.[2] Ning film kasebut, dheweké mainaké film bebarengan karo Hang Geng lan artis ayu saka Taiwan, Barbie Hsu.[2] Film laga kasebut nyeritakaké babagan carita historis wong loro kang esih saudara ning taun 1920 ning Shanghai kang kajebak amarga perang, balas dendam, cinta, lan masalah-masalah liyané. [2] Filmé bakal dirilis ning tengahing sasi Agustus 2011.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k (id)biografi Wu Chun dipununduh tanggal 14 Agustus 2011
  2. a b c d (id)berita Wu Chun dipununduh tanggal 14 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wu_Chun&oldid=659945"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès