Wong Alemanni
Wong Alemanni utawa Suku Alemanni iku wiwitané sekutu saka suku-suku Jerman kang manggon ing dhaérah kali Rhine. [1]Salah sijiné bukti kang mertandhaké anané suku iki yaiku anane cognomen Alamannicus kang ditampa karo Kaisar Romawi, Caracalla, kang mrintah Kekaisaran Romawi wiwit taun 211–217. [2]Kanthi cara iki, Kaisar Romawi nganggep yèn dheweké wis nguwasani suku Alemanni.[1] Sifat persekutuan suku Alemanni karo suku-suku Jerman isih durung cetha.[1] Persekutuan iki nduweni usaha kanggo nyerang provinsi Romawi, Germania Superior.[1] Umumé, suku Alemanni melu apa kang wis dilakoni karo suku Franka.[1] Wiwit abad kang sepisanan, kali Rhine wis dadi batas antarane Galia Romawi lan suku-suku Jerman.[1] Suku Jerman, Kelt, lan suku-suku campuran Kelt-Jerman manggon ing pinggir kali iku.[1] Romawi mbagi dhaérah iki dadi rong distrik yaiku Germania Inferior lan Germania Superior.[1] Distrik kang sijiné manggon ing ngisor utawa lor kali lan kang sijiné manéh manggon ing dhuwur utawa kidul kali Rhine.[1] Wates benteng Romawi paling njaba ing sakupengé Germania Superior diarani Limes Germanicus.[1] Pasukan perang Allemani kerep nyebrang limes lan nyerang Germania Superior kang tumuju Agri Decumates.[1] Minangka persekutuan wiwit abad kalima, suku Alemanni manggon dhaérah Alsace nganti dhaérah Dataran Tinggi Swiss.[1] Saliyané iku, suku Alemanni uga manggon ing dhaérah kang saiki diarani Bavaria lan Austria, nganti ing lembah Alpen ing abad kaping wolu.[1]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.