Menyang kontèn

Wong Sokci

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wong Sokci
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
 Kroasia: Slavonia lan Baranja
 Sèrbi: Vojvodina
 Honggari: Baranya County
 Bosnia lan Hércegovina
 Rumeni
Basa
Kroasia lan Honggari
Agama
Katulik Roma
Golongan ètnik magepokan
Wong Bunjevci, wong Kroasia, lan wong Sèrbi

Wong Sokci (Kroasia: Šokci, Honggari: Sokácok, Sèrbi: Шокци / Šokci) ya iku golongan étnis ing Slav Kidul mligi dianggep wong Kroasia. Wong-wong iki ora dianggep golongan étnis kang kapisah ing Kroasia[1] lan ing papan liya, déné ing Sèrbi wong-wong iki kacathet minangka golongan étnis séjé sajeroning cacah sirah (sènsus) kawit ananing swabiyawara. Wong-wong iki manggon ana ing pamukiman kang manéka warna ing sadawaning kali Danube lan Sava ing wewengkon sujarah Slavonia, Baranya, Syrmia lan Bačka Kulon. Wewengkon iki saiki nyrambahi Kroasia Wétan, Honggari Kidul-Wétan, lan Sèrbi Lor. Sokci dianggep pandhudhuk asli ing Slawonia lan Syrmia ing Kroasia.

Cacah jiwa

[besut | besut sumber]

Sokci dianggep cacah jiwa asli ing Slavonia lan Syrmia ing Kroasia.[2] Kantor Statistik Kroasia ora nyathet wong Sokci minangka narodnost kang sèjè (2001).[1] Miturut sènsus taun 2011 ing Serbia, 607 wong mbiwarakaké dhiriné minangka wong Šokci.[3] Ing sanjabané Slavonia lan Syrmia, wong-wong iki manggon ana pamukiman Bački Monoštor, Sonta, Sombor, Bački Breg ing Bačka, Sèrbi, lan Hercegszántó ing Honggari.

Asalé wong Sokci iki ora patia cetha.

  • Pianggep umum saka para sujana modhèren, adhèdhasar etimologi, wong Sokci iku wong Katulik kang ngalih saka Kidul, nyabrangi Kali Sava saka Bosnia, ing pungkasaning yuda Ottoman ing Éropa, bebarengan karo para wadyabala Ottoman mundhur saka palagan.[4] Wong Šokci ing Baranja iku dianggep teturuné pandhudhuk saka migrasi masal wong Kroasia saka sawijining laladan sachedaké Srebrenica, Bosnia menyang wewengkon kana sawisé para Ottoman mundur ing abad angka 18.[5] Masiya ora kaweruhan kapan pesthiné manggon ing kana, wong Sokci ingaran wong bumining Kroasia ing Slavonia lan Vojvodina, kang mbedakaké wong-wong iki saka mayoritas cacah jiwa wewengkon mau ing wektu saiki kang asalé saka pandhudhuk sabanjuré.[verification needed] Prasa minangka wong bumining sawijining wewengkon iku salah sawijining bab kang wigati ing titikané cacah jiwa tinimbang prasa minangka wong mukim.[4]

Gréja Ortodoks Sèrbi duk nguni nganggep wong-wong kuwi minangka "wong Sérbia kang agamané Katulik Roma".[6]

Gréja Katulik ing désa Šokac ing Sonta, Sèrbi

Wong Sokci iku umaté Gréja Katulik Roma lan nglakokaké Tata ngibadah Latin.

Wong Sokci nuturaké basa Shtokavian-kuna kanthi sub-dhialèk Slavonia kang milulu dicaturaké déning wong Sokci lan caket gegandhèngané karo dhialèk Bunjevac. Dhialèk Slavonia iku minangka campuraning logat Ikavian lan Ekavian: Ikavian iku akèh-akèhé dicaturaké ana ing Posavina, Baranja, Bačka lan ing sub-dhialèk Slavonian ing énklaf Derventa; déné Ekavian ing Podravina. Ana uga énklaf saka salah siji logat ing wewengkon liyané, sarta uga campuraning logat Ekavian–Ikavian lan Jekavian–Ikavian. Ing sawenèh désa ing Honggari, uni yat ing basa Slavic [clarification needed] dilestarèkaké

Wong Šokci ngrayakaké pungkasaning mangsa adhem ing topèng tradhisional ing Mohács, Honggari Kidul, ing Fèbruari 2006

Bab kang paling kondhang ing budaya wong Sokci ya iku musik tradhisionalé kang dimainké mawa piranti tambura. Akèh band tambura kang dadi kondhang ing saindengé Kroasia. Piranti tambura iku asalé digawé saka kayu wit mapel, poplar, utawa prem, déné ing wektu iki, digawé saka kayu wit seprus utawa fir. Piranti liya kang digunakaké biyèn ya iku pipa kanthong. Karamèan ningkahan tradhisional iku dadi kang paling digatèkaké, kala-kala uga akèh narik kawigatèn wong sak désa.

Galèri

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b "Croatian 2001 census, detailed classification by nationality". Diarsip saka sing asli ing 2019-12-18. Dibukak ing 2016-08-30.
  2. Ljubica Gligorević (2004).
  3. Попис становништва, домаћинстава и станова 2011.
  4. a b Pšihistal, 2011, pp. 86–88
  5. Hadžihusejnović-Valašek, 1993, p. 182
  6. Srpska pravoslavna mitropolija karlovačka: po podacima od 1905.