Wee Meng Chee
| Wee Meng Chee | |
|---|---|
| Jeneng Cina | 黄明志 |
| Pinyin | Huáng Míng Zhì (Mandarin) |
| Leluhur | Hainan |
| Asal | Malaysia |
| Jeneng liya | Namewee |
| Pakaryan | penyanyi, panyerat lagu, rapper, aktor, direktor, screenwriter |
| Genre | C-pop, hip-hop |
| Taun aktif | 2007 - samenika |
Wee Meng Chee (Chinese: 黄明志; Pinyin: Wee Meng Chee (Hainanese Pinyin)) miyos taun 1983 ing Muar, Johor.[1] Chee kalebet lulusan Ilmu Komunikasi ing Universitas Ming Chuan, ing Taiwan.[1] Panjenenganipun misuwur kanthi nami Namewee ing YouTube.[1] Nalika tanggal 7 Agustus 2007, Chee sampun damel gégér amargi ngripta vidéo rap kanthi irah-irahan Negarakuku ingkang ngginakaken sepalih saking lirik lagu kebangsaan Malaysia Negaraku. Lagu rap menika dipunlapuraken amargi sampun ngina negara, bangsa, agami, lan karajan Malaysia.[2]
Wee Meng Chee salajengipun nyuwun pangapunten dhateng sinten kemawon ingkang ngraos sampun dipunina amargi vidéo kasebat wonten ing koran The Sun ing tanggal 15 Agustus 2007.[2] Ananging bab nyuwun pangapunten kalawau boten amargi Chee sampud damel vidéo kasebat.[2] Sasanèsipun menika, Chee ugi ngraos boten kuciwa amargi Chee mratèlakaken boten wonten maksud ngina negari Malaysia.[2] Negarakuku menika lagu rap riptaanipun Wee Meng Chee, ingkang ugi saged dipunsebat Namewee.[2] Negarakuku dipunrilis ing YouTube ing tanggal 15 Juli 2007 kanthi irah-irahan ing basa Cina "我愛我的國家 Negarakuku (2007大馬觀光年主題曲)", lan dipuntarjamahaken dados Kula Tresna "Negaraku Negarakuku".[2]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.