Wacana
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Wacana yaiku unsur gramatikal kang paling dhuwur ing tataran linguistik [1]. Kanthi teges liya, wacana yaiku unsur gramatikal kang luwih dhuwur saka tembung, frasa, klausa, lan ukara [2]. Wujuding wacana yaiku paragraf utawa alenia [3].
Bab lan Paragraf |
Kang kudu ana ing wacana [sunting]
Kang kudu ana ing wacana[4]:
- Implikatur konvensional lan implikatur percakapan
- Konteks wacana: situasi, pawicara, ppangrungon, titi wanci, papan panggon [5], adhegan, topik, kadaden, bentuk amanat, kode, lan sarana
- Kohesi lan koherensi
- Topik, tema, lan irah-irahan
- Referensi lan inferensi
- Skemata
Kang diarani kohesi yaiku hubungan winantara ukara ing sajrong wacana minangka saka gramatikal utawa leksikal. Dene kang diarani koherensi yaiku wicantenan kanthi rapi ing kanyatan lan gagasan, fakta lan ide kang dadi runtutan kang logis supaya pesene ing sajroning wacana dadi gampang dingerteni.
Deleng Uga [sunting]
Pranala Jaba [sunting]
http://www.tutor.com.my/stpm/wacana.htm
Cathetan Suku [sunting]
- ^ Kurniati, Endang. 2009. Sintaksis Basa Jawa. Semarang: Griya Jawi
- ^ Sasangka, Catur Wisnu. 1992. Paramasastra Gagrak Anyar. Yogyakarta: Duta Wacana University Press
- ^ Sutrisno. 1982. Pathining Basa Jawa. Semarang: Mutiara Permatawidya
- ^ http://id.wikibooks.org/wiki/Bahasa_Indonesia/Wacana (kajupuk tanggal 22 Februari 2011)
- ^ http://www.tutor.com.my/stpm/wacana.htm (kajupuk tanggal 22 Februari 2011)