Visoko

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
VisokoPanorama.jpg


Visoko kuwi sawijining kutha ing Bosnia lan Herzegovina tengah, kanthi pedunung watara 17.000 jiwa. Kutha iki dumunung ing dalan antara Zenica lan Sarajevo. Visoko dumunung ing pinggir Kali Bosna, patemon karo Kali Fojnička bersatu. Sacara administratif, kutha iki minangka bagéan saka Kanton Zenica-Doboj saka Federasi negara iki.

Dhaérah Visoko tau dadi pusat negara Bosnia ing abad pertengahan. Ing mangsa Kakaisaran Ottoman, kutha Visoko diadegaké déning Ajas-beg. Sawisé Bosnia dianèksasi déning Austro-Hongaria, kutha iki diwènèhi corak anyar, nanging kuna, kang katon saka gaya oriental Visoko kang lazim ditemokaké ing saindhenging tlatah pamaréntahan Ottoman. Ing jamanYugoslavia pisanan, Visoko ora pati tuwuh, lan jroning Perang Donya II, kutha iki ora pati rusak. Kamajuan nembé dialami ing mangsa Yugoslavia komunis. Perang Bosnia uga nerjang Visoko, kang tetep ana ing sangisoré kakuasaan tentara Bosnia-Herzegovina jroning mangsa perang patang taun kuwi. Saiki Visoko dadi sawijining kutha kang sugih bab budaya lan sajarah, nanging ekonominé wis akèh kélangan kapasitas kang biyèn diduwèni sadurungé perang Bosnia.

[sunting] Pranala njaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Visoko&oldid=677154"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès