Upacara teh (Korea)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Upacara teh (Korea)
Hangeul 다례
Hanja
Alih Aksara sing disampurnakaké darye
McCune–Reischauer tarye

Darye inggih menika wujuding upacara tèh tradisional ingkang wonten ing Korea. Darye menika ètika ngunjuk tèh utawi tatacara ngunjuk tèh ingkang sampun dipunwarisaken déning nènèk moyang bangsa Korea saking èwunan taun kepengker. Upacara tèh Korea menika kawiwitan saking upacara tèh Tionghoa saking Tiongkok. Bagéyan paling wigati menika saking tatacara teh menika inggih menika bilih ngunjuk tèh ala Korea dipunwahyakaken ing swasana ingkang formal nanging santé. Kejawi kanthi ancas manggihaken katentreman Upacara tèh korea menika ugi kanggé nglajengaken tradisi lawas bangsa Korea.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Perangkat tèh

Rekaman sajarah kapisan babagan upacara tèh Korea nyathet bab persembahan tèh kanggé arwah nenek moyang ingkang dipunlampahi taun 661 M dhumateng mendiang Raja Suro, pendiri kerajaan Geumgwan Gaya (42 M – 562 M). Cathetan sajarah saking Dinasti Goryeo (918 – 1392) nyebataken bilih persembahan tèh dipunwahyakaken ing vihara tumrap mendiang biksu-biksu utama. Nalika zaman Dinasti Joseon (1492 – 1910), kulawarga astana Yi lan kaum bangsawan ngunjuk tèh kanthi tatacara ingkang prasaja, inggih menika tèh padintenan ingkang dipununjuk ing dinten-dinten biasa, déné tatacara tèh khusus dipunlampahi kagem prastawa tartamtu. Istilah kados mekaten namung dipunpanggihaken wonten ing Korea. Ing pungkasan Dinasti Joseon, rakyat biasa wiwit nglampahi tatacara tèh kanggé dinten biasa lan upacara penyembahan ndhèrèk tatacara teh Tionghoa wonten ing kitab Tatacara Keluarga karyanipun Zhu Xi.

Jinising tèh[sunting | sunting sumber]

Kaping pisan upacara tèh dipunwahyakaken, godhong tèh ingkang dipunginakaken menika tèh ireng, dénée teh pu-erh ingkang sampun dipunsimpen dangu kawéntar sanget wonten ing Tiongkok. Tèh ingkang dangu menika dipunremeni sanget ing Korea, mliginipun tèh Tiongkok ingkang dipununjuk déning tiyang ingkang pidalem wonten ing astana. Sanajan mekaten, tèh menika arang dipunsimpen kanthi dangu. Tiyang Korea langkung remen tèh seger ingkang nembé dipunopèk. Impor teh ijo kanggé kegiatan religius Buddhisme ndhèrèk paring werna ragam tèh lan tatacara tèh ing Korea. Jinis tèh ijo menika dipunremeni kados jinis jakseol lan jugro, lajeng jinis sanèsipun kados byeoksoryeong, cheonhachun, wujeon, lan okcheon. Kejawi menika wonten ugi unjukan tèh saking bahan sanèsipun kados tèh krisan, tèh godhong kesemek, tèh gandhum lan sanèsipun. Raosipun tèh ing Korea menika bènten-bènten, wonten raos pait, legi, asin, kecut lan tajem. Wewengkon Jeju menika kawéntar saking tèhipun ingkang asin amargi pengaruh angin segara, déné ing wilayah dharatan semenanjung dipunpengaruhi déning faktor iklim, caranipun ngolah godhong tèh saha raosipun toya ingkang dipunginakaken.

Jinis upacara tèh[sunting | sunting sumber]

Para biksu Buddha ing zaman Goryeo ngawontenaken upacara tèh kanggé kapreluan persembahan keagamaan. Ananging para bangsawan Konfusius (yangban) salajengipun miyaraken tatacara kasebut dados kaéndahan lan seni ingkang saged dipunraosaken sedaya lapisan masarakat. Wonten 15 jinis upacara tèh wigati ingkang dipunwontenaken, ananging ingkang paling umum inggih menika :

  • Tatacara tèh padintenan – tatacara ngunjuk tèh padintenan ingkang dipunwiyaraken saking zaman Dinasti Joseon.
  • Tatacara tèh khusus – tatacara ngunjuk tèh ingkang dipunwontenaken kanggé nyambut dhayoh lan adicara mantènan anggota kulawarga kerajaan.
  • Tatacara tèh ratu – adicara ngunjuk tèh namung déning ratu, kulawarga lan kanca-kancanipun.

Pirsani ugi[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]