Tugu Ngejaman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tugu Jam (Ngejaman)
ꦠꦸꦒꦸ​ꦔꦺꦗꦩꦤ꧀
Jeneng kang kapacak ing
Sistem Registrasi Nasional Cagar Budaya
Cagar budaya Indhonésia
KategoriStruktur
No. RegnasBelum ada
(Pengajuan 30 Maret 2017)
PanggonanDalan Marga Mulya, Kalurahan Ngupasan, Kamantrén Gandamanan, Kitha Yogyakarta, Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta
Tanggal SKSurat Keputusan Wali Kota No. 297 Tahun 2019
Kang nduwèniPapréntahan Kutha Ngayogyakarta
Kang ngrumatBalé Palastantunan Cagar Budaya Ngayogyakarta

Tugu Ngejaman (rumiyin naminipun stadsklok utawi "jam kota") utawi wayah titiyoni inggih punika tetenger wekdal ingkang mapan wonten ing ngajeng Geréja Protestan di Indonesia bagian Barat (GPIB) Marga Mulya Yogyakarta, peneripun ing margi Marga Mulya, Kalurahan Ngupasan, Kamantrèn Gandamanan, Kitha Ngayogyakarta, Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY). Tugu jam kasebat dipun yasa kanggé persembahan saking bebrayan Walandi dhateng pamaréntah kolonial Hindia Walandi ingkang gadhah kuwaos wangsul ing Jawi wonten ing wiwiting abad kaping 19, sasampunipun sadèrèngipun dipunkuwaosi déning pamaréntah Inggris udakawis warsa 1811–1816.

Kawontenan Tugu Ngejaman[besut | besut sumber]

Adhedhasar cathetan saking Balai Palestantunan Cagar Budaya (BPCB) Ngayogyakarta, Tugu Ngejaman kasebat dipun yasa wonten ing warsa 1916 dados persembahan saking bebrayan Walandi dhateng pamaréntah kolonial Hindia Walandi ingkang gadhah kuwaos wangsul wonten ing Kawi ing wiwiting abad kaping 19.[1] [2] [3] Sapérangan masyarakat Ngayogyakarta mastani jam punika wayah titiyoni. Wayah gadhah artos "wekdal", ugi dipunsebat wanci, déné titiyoni gadhah makna "mangsa". Tembung titiyoni mèmper kaliyan tembung titisoni lebeting kamus Basa Kawi artosipun sirep, ingkang gadhah artos "tilem". [4]

Bangunan puniki madeg saking kalih pérangan, inggih punika alas awujud pesagi lan setunggaling tabuh awujud bunder ingkang wonten ing inggilipun. [5] Alas tabuh puniku nggadhahi inggil sawetawis 1,5 mèter saking praèn margi kaliyan nggadhahi diameter tabuh ukuran 45 sèntimèter. [6] Dom tabuh punika piyambak gerak kaliyan sistem pegas ingkang kedah diuter saben wekdal tinamtu. [7] Bab puniki lah ingkang damel wargi ing sawetawis tabuh kasebat gantosan anggènipun muter pegas tabuh supados tetep gerak kanggé kewigatosan umum. [8]

Bangunan puniku dipuntetepaken dados tilaran budaya nglangkungi serat keputusan Wali Kutha (kepwal) Nomer 297 warsa 2019 Babagan Daftar Tilaran Budaya Laladan. Penetapan kasebat rumujuk dhateng Perda DIY Nomer 6 warsa 2012 Babagan Palestantunan Tilaran Budaya lan Cagar Budaya. [9]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Tugu Ngejaman". Balai Pelestarian Cagar Budaya Yogyakarta, Direktorat Jenderal Kebudayaan Republik Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2023-10-16. Dibukak ing 17 Agustus 2020.
  2. Fauziah, Siti Mahmudah Nur (Oktober 2018). "Dari Jalan Kerajaan Menjadi Jalan Pertokoan Kolonial: Malioboro 1756–1941". Lembaran Sejarah. 14 (2): 179.
  3. Okezone (2017-03-14). "TOP FILES: Di Balik Kisah Tugu Ngejaman dan Loji Setan : Okezone News". https://news.okezone.com/ (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-24. {{cite web}}: External link in |website= (pitulung)
  4. "Dua Ngejaman dalam Waktu dan Sejarah Berbeda". FORNEWS.CO (ing basa Indonesia). 2020-07-30. Dibukak ing 2023-09-24.
  5. "Tugu Ngejaman Penanda 1 Abad Belanda Berkuasa di Jawa". Star Jogja FM (ing basa Indonesia). 2018-03-24. Dibukak ing 2023-09-24.
  6. "Tugu Ngejaman, Hadiah Belanda yang Tak Terawat". web.archive.org. 2022-06-11. Diarsip saka sing asli ing 2022-06-11. Dibukak ing 2023-09-24.
  7. Liputan6.com (2022-03-06). "Mengenal Tugu Ngejaman, Hadiah dari Belanda di Kawasan Malioboro". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-09-24.
  8. Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta (2017). Ragam Penanda Zaman: Memaknai Keberlanjutan Merawat Jejak Peradaban. Yogyakarta: Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 82.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  9. "Pemilik Bangunan Bersejarah di Yogya Terbebani Mahalnya PBB - Harian Merapi". web.archive.org. 2019-08-09. Diarsip saka sing asli ing 2019-08-09. Dibukak ing 2023-09-24.