Susi Susanti
| Susi Susanti | |
|---|---|
![]() |
|
| Informasi Pribadi | |
| Jeneng jangkep | Lucia Francisca Susi Susanti |
| Tanggal lair | 11 Februari 1971 (umur 41) |
| Papan lair | Tasikmalaya, Jawa Barat |
| Dhuwur | 1.61 m (5 ft 3 in) |
| Tunggal putri | |
| Negara | |
| Tangan sing dipigunaaké | kanan |
| Ranking paling dhuwur | 1 |
Lucia Francisca Susi Susanti utawa luwih dikenal karo Susi Susanti (Hanzi: 王蓮香, Pinyin: Wang Lian-xiang, lair ing Tasikmalaya, Jawa Kulon, 11 Februari 1971; umur 41 taun) kuwi pamain bulu tangkis Indonésia.[1] Pemain bulutangkis putri paling apik kang tau diduweni Indonesia iki saktemené uwes seneng karo permainan bulutangkis awit lungguh ing bangku SD.[2] Dukungan wong tuwané ndadekaké dheknen mantep dadi atlet bulutangkis.[2] dheweke iyo mulai karir bulutangkis ing klub pak leké, PB Tunas Tasikmalaya.[2] 2
Sakwisé latihan kira-kira 7 tahun suwiné lan menangak kejuaraan bulutangkis tingkat junior, ing taun 1985 dheweké pindah menyang Ibu Kota Indonésia.[2] iku wektu isih kelas 2 SMP, tanapi uwis mikir serius ing dunia bulutangkis.[2] dheweké nikah karo Alan Budikusuma, bareng - bareng ngraih medali emas ning Olimpiadé Barcelona 1992. Sak liyané iku, susi tau ngintuk medali perunggu ing Olimpiadé Atlanta 1996.[2]
International Badminton Federation (saiki Badminton World Federation) nalika wulan Mei 2004 maringi penghargaan Hall Of Fame karo Susi Susanti.[2] Pemain Indonesia liyané kang intuk penghargaan Hall Of Fame yaiku Rudy Hartono Kurniawan, Dick Sudirman, Christian Hadinata, lan Liem Swie King.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Prestasi[2]
- Hall of Fame saka International Badminton Federation (IBF), Mei 2004
- Herbert Scheele Trophy, 2002
- Medali Emas Olimpiade Barcelona, 1992
- Medali Perunggu Olimpiade Atlanta, 1996
- Juara Dunia ning World Championship, 1993
- Juara All England kaping 4] (1990, 1991, 1993, 1994)
- Juara Piala Uber kaliyan tim Uber Indonésia kaping 2 (1994 lan 1996)
- Juara Piala Sudirman kaliyan tim nasional Indonésia, 1989
- Juara World Badminton Grand Prix kaping 6 (1990, 1991, 1992, 1993, 1994 lan 1996)
- Juara Indonésia Open kaping 6 (1989, 1991, 1994, 1995, 1996, lan 1997)
- Juara Malaysia Open kaping 4 (1993, 1994, 1995, lan 1997)
- Juara Japan Open kaping 3 (1992, 1994, lan 1995)
- Juara Thailand Open kaping papat (1991, 1992, 1993, lan 1994)
- Juara Denmark Open kaping 2 (1991 lan 1992)
- Juara China Taipei Open kaping 2 (1991 lan 1994)
- Juara Korea Open, 1995
- Juara Dutch Open, 1993
- Juara Swedish Open, 1991
[sunting] Penghargaan[2]
- The Badminton Hall of Fame, 2004
- Tanda Kehormatan Republik Indonesia Bintang Jasa Utama, 1992
[sunting] Pranala jaba
- (id) Smash - Susi Susanti
- (id) Susi Susanti Peraih Emas Pertama Olimpiade
- (id) Setelah Sepuluh Tahun Gantung Raket
- (id) Susi Susanti Sempat Tidak Tahu Masuk Daftar Rekor dunia
