Sukhoi Superjet 100
| Superjet 100 | |
|---|---|
| Montor mabur Sukhoi Superjet maskapai Aeroflot | |
| Tipe | Montor mabur panumpang regional |
| Produsen | Komsomolsk-on-Amur Aircraft Production Association |
| Perancang | Sukhoi Civil Aircraft (UAC) |
| Pisanan mabur | 19 Mei 2008[1] |
| Dikenalaké | 21 April 2011 dengan Armavia |
| Pemakai | Aeroflot[2] |
| Diproduksi | 2007–sekarang |
| Cacah digawé | 6 prototipe + 6 serial (Des 2011) |
| Biaya program | US$1.4 miliar |
| Rega satuan | $23-25 juta[3] |
| Varian | . |
Sukhoi Superjet 100 iku sawijining montor mabur gawéyan perusahaan dirgantara Rusia, Sukhoi. Montor mabur iki kalebu montor mabur jèt régional mawa kendhali kanthi kabel (fly-by-wire) sing ndarbèni 75- nganti 95 kursi. Montor mabur iki wiwit didésain saka taun 2000. Pamaburan perdanané ana ing tanggal 19 Mei 2008 lan pamaburan perdana komersial ana ing 21 April 2011, ing rute Armavia saka Yerevan menyang Moskwa. Sukhoi Superjet 100 iku montor mabur Rusia kapisan sing didésain lan digawé ing Rusia ing jaman pasca Uni Sovyèt.[4]
Montor mabur iki uga dipesen déning Maskapai Indonésia Kartika Airlines.[5]
Kacilakan [sunting]
- Artikel utama: Kacilakan Sukhoi Superjet 100 ing Gunung Salak
Ana montor mabur Sukhoi Superjet 100 tiba nalika démonstrasi ing Indonésia ing tanggal 10 Mei 2012 amerga nabrak Gunung Salak ing Bogor, Indonésia. Tibané pesawat iki niwasaké 45 jiwa. Montor mabur SSJ 100 gawéané Rusia kuwi mau ajur mumur. Kacilakaan Sukhoi Superjet 100 kang kasebut tragedi, amerga miturut kejadian sing gawe kabeh tipi nayangake warta Sukhoi Superjet 100, kayata awak montor mabur sing rusak kabeh. Kulawarga korban uga bisa pasrah lan donga karo Gusti.
Réferènsi [sunting]
- ^ "произвел свой первый полет (Sukhoi Superjet-100)." Вести.Ru. Retrieved: 3 January 2010.
- ^ "Aeroflot." rian.ru. Retrieved: 3 January 2010.
- ^ "Sukhoi Superjet systems can make up for any pilot mistake; UAC chief." Russia Today, 20 April 2011.
- ^ http://mosnews.com/world/2009/04/01/superjet/ (diaksès 1 Mei 2011)
- ^ http://en.rian.ru/business/20100719/159869944.html (diaksès 1 Mei 2011)