Sikhye
Sikhye yaiku jinis ombenan kas Korea kang digawe saka sega kang difermentasekake karo tepung ragi.[1][2] Ombenan iki disuguhake minangka ombenan enthèng lan duwen manpaat kanggo nglancarake saluran pencernaan.[1] Glepung ragi kang digawe saka glepung jewawut diencerake nganggo banyu panas banjur disaring nganti ampase menep.[1] Larutan iki banjur disokake ing panci bareng sega kang wis digodhog.[1] Asil godhogan iki diarani sikhye.[1] Sikhye bisa ditambahi gula lan madu supaya tambah legi.[1] Sawise rampung, godhogan mau disuguhake nalika wis adem.[1] Saiki kanggo gawe sikhye bisa nggunakake piranti masak sega utawa rice cooker.[1] Sikhye duweni ciri kas rasa kang alus lan rasane legi banget lan saiki wis dikembangake dadi ombenan enthèng kang disenengi masarakat Korea.[1] Tradisine ombenan iki disuguhake nalika riyaya gedhe kayata Seollal, Dano, Chuseok lan ing persembahan marang arwah leluhur ing altar.[1]