Serial ATA
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 701 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Serial ATA utawi bus komputer SATA inggih menika piranti antarmuka panyimpenan kanggé ngubungaken host bus adapter kanggé prangkat panyimpenan umum kados harddisk drive saha optical drive. Wiwit taun 2004, SATA host adapter kaintegrasi dhateng sedaya papan induk utawi motherboard modern desktop ugi laptop.
Serial ATA menika karancang kanggé nggantos standar ATA (AT Attachment) ingkang langkung dangu (ugi kawèntar kaliyan sebatan EIDE). SATA menika saged ngginakaken parentah-parentah andhapan ingkang sami. Ananging SATA host-adapter lan prangkat ingkang kasambung lewat kabel serial ingkang cepet kanthi 2 kabel konduktor. Sewalikipun bilih paralèl ATA ngginakaken 16 kabel konduktor data ingkang piyambak-piyambak kerja wonten ing cepet ingkang langkung andhap [1].