Senam
Senam yaiku kalebu jroning cabang olahraga kang nganggo grakan mbutuhake tenaga,lan bisa selaras antarane gerakan fisik sing teratur.[1] Wujud modern senam yaiku : Palang tak seimbang, balok keseimbangan, senam lantai.[1] Wujud-wujude kuwi mau bisa berkembang saka latihan kang digunakake déning bangsa Yunani kuno kanggo numpaki lan mudun saka kéwan jaran lan sirkus.[1]
Senam biasane digunakake wong kanggo rekreasi, relaksasi utawa nenangake pikiran, biasane ana sing dilakoake ing omah, ing panggonan kanggo senam utawa fitness, ing gymnasium utawa ing sekolah.[1]
Saiki, wiwit cilik wis akeh bocah cilik kang wis biasa dilatih senam, diajari wong tuané utawa guru olahraga ing sekolah.[1]
Senam kuwi penting banget kanggo mbentuk awak, supaya awak dadi sehat lan seger.[1]
Senam jenise macem-macem, ana senam lantai, senam hamil, senam aerobik, senam pramuka, Senam Kesegaran Jasmani (SKJ), dsp.[2] Biasane ing sekolah dasar utawa SD, guru-guru ngajarake senam-senam kang gampang dimangerteni dening murid-murid, kayata SKJ lan senam pramuka.[2] Nanging nalika wis mulai remaja, akeh wong-wong kang nglakokake senam aerobik, utawa senam-senam liyane kang kalebu meditasi kanggo nenangake pikiran.[2]