Semenanjung Sinai

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Semenanjung Sinai saka Space Shuttle STS-40.

Semenanjung Sinai (b. Arab: شبه جزيرة سيناء) kuwi sawijining semenanjung awangun segi telu kang dumunung ing Asia Kulon nanging dadi bagéan saka Mesir ing Afrika. Dharatan sing ambané 60.000 km² iki diwatesi déning Segara Tengah ing sisih lor, Segara Abang ing sisih kidul, Terusan Suez ing sisih kulon, lan tapel wates karo Israel ing sisih wétan-lor.

Semenanjung Sinai mèh kabèhé dumadi saka segara wedhi nanging ana pedunung ing pesisir Sabah ing Taba (cedhak kutha Eilat, Israel) kang ana hotèl lan kasino. Luwih mangidul, ana Nuweiba, Dahab, sarta Sharm el-Sheikh. Ing pesisir lor, ana pedunung ing cedhak Jalur Gaza yaiku ing kutha El-Arish.

Gunung Sinai dumunung ing sisih kidul semenanjung iki.


Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Semenanjung_Sinai"