Riya Sen
| Riya Sen | |
|---|---|
Riya Sen at a fashion show |
|
| Lair | Riya Dev Varma 24 Januari 1981 (umur 31) Kolkata, West Bengal, India |
| Pakaryan | Actor, model |
| Tiyang sepuh | Bharat Dev Varma Moon Moon Sen |
Riya Sen (রিয়া সেন =ˈrija ˈʃen, jeneng laire Riya Dev Varma lair tanggal 24 Januari 1981 (umur 31)). Dheweke kuwi aktris lan model saka India.[1] Dheweké lair saka kulawarga artis lan isih anduweni hubungan kulawarga karo Suchitra Sen. Dheweké kuwi putuné Suchitra Sen. Jenenge ibuné yaiku Moon Moon Sen lan dheweké anduweni sedulur kang jenengé Raima Sen.[1] Riya miwiti kariré ing donya hiburan nalika taun 1991 yaiku nalika meranaké peran ing film kang judulé VISHKANYA.[1] Suksesé ing donya hiburan India, dheweké pungkasané entuk kasempatan kanggo mainaké peran kaping pisanan ing film komedi kang judulé STYLE, film kang disutradarai dening N. Chandra nalika taun 2001.[1] Film kasebut minangka film kang modalé sithik, ananging bisa ndadekake dheweké kondhang ing masarakat.[1] Jeneng saka film kang judulé STYLE jenengé dikenalaké.[1] Film-film liyané kang tau diperanaké dening dheweké yakuwi film musikal kang diproduseri dening Pritish Nandy kayata film kang judulé JHANKAAR BEATS. Film kasebut dirilis nalika taun 2001, film kang judulé SHAADI NO 1 kang dirilis ning taun 2005, lan film kang judulé ANANTHABHADRAM, kang dirilis taun 2005.[1] Dheweké kondhang dadi model nalika dheweké tampil ing video musik Falguni Pathak kang judulé YAAD PIYA KI'S AANE LAGI nalika umuré nembe nembelas taun.[1] Awit kuwi, dheweké kerep metu dadi bintang vidio klip, model iklan, metu ing fashion show, lan ing samak majalah.[1] Dheweké dadi sensasi heartthrob ing kabeh wilayah India lan kondhang amarga esemé kang ayu.[1] Riya wis nyambut gawe dadi aktivis lan uga kerep metu ing video musik anti-AIDS kang tujuané kanggo ngilangaké mitos populer amarga lelara iki.[1] Dheweké uga mbantu ngumpulaké banda kanggo para bocah-bocah kang anduweni lelara/cacat mata.[1] Riya uga tau ngadepi kontroversi lan diece amarga panampilané ing klip MMS kang bebarengan karo aktor Ashmit Patel,[2] Fotoné kang semi-telanjang ing tanggalan taunan fotografer Dabboo Ratnani lan adegan ambung-ambungan ing film-film ing industri film India konservatif.[1]