Priyanka Chopra

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Priyanka Chopra

Chopra at the Filmfare Magazine launch in Mumbai, October 2008
Lair 18 Juli 1982 (umur 29)
Jamshedpur, Jharkand, India
Kabangsan Indian
Pakaryan Actress, singer

Priyanka Chopra (प्रियंका चोपड़ा)18 Juli 1982 (umur 29), artis saka India.[1] Wong tuané jenengé Jharkhand saka wong tuwa Ashok Chopra lan Madhu Akhauri. [1] Chopra awit cilik urip ning Bareilly, Uttar Pradesh, Newton, Massachusetts. [1] Priyanka Chopra sempet sinau ning perguruan tinggi ning Jai Hind College, Mumbai. [1] Ananging kuliyahé ditinggal sawisé menangaké gelar Miss World.[1]

[sunting] KARIR

Sadhurungé miwiti karir akting, dheweké kuwi model.[1] Jenengé mulai dikenal sawisé menangaké gelar Miss World ning taun 2000.[1] Dheweké uga sering dijuluki 'Piggy Chops', julukan kasebut amarga aktingé ning film BLUFFMASTER.[1] Chopra miwiti debuté ning film THAMIZHAN nalika taun 2002 dadi Priya. [1] Chopra mulai dilirik dening para produser rekama awit tampil ning film iki. [1] Dheweké olih pujian amarga aktingé kang natural.[1]

Akiré dheweké bisa mbintangi film box office. [1] Film-film kang dibintangi dening dheweké yakuwi taun 2004, PLAN, KISMAT lan ASAMBHAV ora patiya dilirik dening para masarakat.[1] Ananging dheweké sempet olih bebungah amrga film komedi romantis ning MUJHSE SHAADI KAROGI bebarengan karo Salman Khan lan Akshay Kumar. [1] Ora namung kuwi, dheweké uga mbintangi film kang judulé AITRAAZ, ning film kasebut dheweké mainaké tokoh jahat.[1] Ananging ning film iki dheweké sempet ngeraih Filmfare Best Supporting Actress Award. [1] Awit kuwi kariré ning donya akting tambah mantep.[1]

Chopra sempet dadi pembawa acara ning reality show FEAR FACTOR – KHATRON KE KHILADI LEVEL 3. [1] Dheweké nggantikaké aktor Akshay Kumar kang dadi pambawa acara dua musim sadhurungé.[1] Acara kasebut ditayangaké ning tanggal 6 September 2010.[1]

Dheweké sempet partisipasi ning tur TEMPTATIONS nalika taun 2004 bebarengan karo artis Bollywood liyané, kayata karo Shahrukh Khan, Saif Ali Khan, Rani Mukerji, Preity Zinta lan Arjun Rampal.[1] Ning tanggal 12 Desember 2009, dheweké hadir dadi juri ning kompetisi Miss World 2009 kang diadakaké ning Johannesburg, Afrika.[1] Dheweké uga njabat dadi Duta UNICEF ning taun 2010. [1]

Ning taun 2011 dheweké mutusaké kanggo njegur ning donya musik.[2] Dheweké wis dikontrak karo Universal Musik Group.[2]

[sunting] FILMOGRAFI[1]

  • 2002 THAMIZHAN
  • 2003 THE HERO: LOVE STORY OF A SPY
  • 2003 ANDAAZ
  • 2004 PLAN
  • 2004 KISMAT
  • 2004 ASAMBHAV
  • 2004 MUJHSE SHAADI KAROGI
  • 2004 AITRAAZ
  • 2005 BLACKMAIL
  • 2005 KARAM
  • 2005 WAQT: THE RACE AGAINST TIME
  • 2005 YAKEEN
  • 2005 BARSAAT
  • 2005 BLUFFMASTER!
  • 2006 TAXI NUMBER 9211
  • 2006 36 CHINA TOWN
  • 2006 ALAG
  • 2006 KRRISH
  • 2006 AAP KI KHATIR
  • 2006 DON – THE CHASE BEGINS AGAIN
  • 2007 SALAAM-E-ISHQ: A TRIBUTE TO LOVE
  • 2007 BIG BROTHER
  • 2007 OM SHANTI OM
  • 2008 MY NAME IS ANTHONY GONSALVES
  • 2008 LOVE STORY 2050
  • 2008 GOD TUSSI GREAT HO
  • 2008 CHAMKU
  • 2008 DRONA
  • 2008 FASHION
  • 2008 DOSTANA
  • 2009 BILLU
  • 2009 KAMINEY
  • 2009 WHAT'S YOUR RAASHEE?
  • 2010 PYAAR IMPOSSIBLE
  • 2011 7 KHOON MAAF
  • 2012 BARFEE


[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x (id)biografi Priyanka Chopra dipununduh tanggal 21 Agustus 2011
  2. a b (id)berita Priyanka Chopra dipununduh tanggal 21 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Priyanka_Chopra&oldid=660218"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès