Pratibha Patil
|
Pratibha Devisingh Patil
|
|
|
Presiden India ka-12
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 25 Juli 2007 – 25 Juli 2012 |
|
| Perdhana Mentri | Dr. Manmohan Singh |
| Pejabat sadurungé | Abdul Kalam |
| Pengganti | Pranab Mukherjee |
|
|
|
| Lair | 19 Desember 1934 (umur 78) Nadgaon, Maharashtra, India |
| Partai pulitik | Kongres (I) |
| Pasangan | Devisingh Ransingh Shekhawat |
| Papan padunungan | Raj Bhawan, Civil Lines, Jaipur (present) 11, Ferozeshah Road, New Delhi (samentara) Worli, Mumbai (permanen) |
| Almamater | Sekolah Inggil Hukum Negeri, Mumbai |
| Agama | Hindu |
| Situs resmi | Gubernur Rajasthan - situs resmi |
Pratibha Patil (Marathi: प्रतिभा पाटील) (lair 19 Desember 1934; umur 78 taun) inggih menika Presiden India ingkang kaping 12 ingkang samenika taksih njabat.[1] Panjenenganipun menika satunggalipun politikus Kongres Nasional Indial.[1] Penjenenganipun dados présidhèn èstri kapisan lan warga Marathi kapisan ingkang dados présidhèn.[1] Panjenenganipun dipunsahaken minangka présidhèn nalika tanggal 25 Juli 2007 déning [Mahkamah Agung India]] K. G. Balakrishnan.[1] Panjenenganipun dados gantosipun Dr. A.P.J. Abdul Kalam.[1]
Patil menika satunggalipun anggota Kongres Nasional India (INC) ingkang dipuncalonaken United Progressive Alliance lan India Kiwa.[1] Panjenenganipun menangaken Pamilian présidhèn India 2007 ingkang dipunwontenaken tanggal 19 Juli 2007, ngalahaken Bhairon Singh Shekhawat kanthi salisih 300,000 swanten pamilih.[1][2]
Bab lan Paragraf |
Biografi [sunting]
Patil miyos ing kulawarga Narayan Rao ing Jalgaon, Maharashtra. Panjenenganipun pikantuk gelar M.A. saking lan gelar sarjana hukum saking sekolah inggil hukum negeri ing Mumbai.[3] Nalika taksih kuliyah, Patil naté pikantuk piala kanggé kajuwaraan tenis meja antar parguruan inggil.[3] Panjenenganipun palakrami kaliyan Devisingh Ransingh Shekhawat nalika tanggal 7 Juli 1965.[3] Pasangan menika nggadhahi satunggal putra jaler lan satunggal putri.[3] Sadèrèngipun mlebet jagad politik, panjenenganipun dados pekerja sosial, lan dados pengacara ing Jalgaon.[3]
Karier politik [sunting]
Pratibha Patil naté dados anggota Dewan Legislatif Maharashtra nalika taun 1962-1985. panjenneganipun ugi naté dados anggota parlemen ing Lok Sabha lan Rajya Sabha.[4] Panjenenganipun dados anggota Rajya Sabha saking 5 Juli 1985 ngantos dumugi 2 April 1990 lan anggota Lok Sabha kaping 1o nalika 1991-1996.[4]
Pranala Njawi [sunting]
- Profil resmi ing situs Pemerintah Rajasthan
- Biodata resmi ing situs Parlemen India
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g (en)Patil Poised to Become India's First Female President dipunundhuh tanggal 22 September 2011)
- ^ (en)High turnout in Presidential poll dipunundhuh tanggal 22 September 2011)
- ^ a b c d e (en)Biographical Sketch Member of Parliament X Lok Sabha dipunundhuh tanggal 22 September 2011)
- ^ a b (en)Governor of Rajasthan, Rajasthan Legislative Assembly Homepage dipunundhuh tanggal 22 September 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.