Prasasti Batutulis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Gambar Prasasti Batutulis

Prasasti Batutulis dumunung ing Kalurahan Batutulis, Kecamatan Bogor Kidul, Kutha Bogor.[1] Kompleks prasasti iki ambané 17 x 15 mèter, Prasasti Batutulis dianggep dumunung ing situs pusat Kutha Pajajaran lan isih in situ, yaiku isih dumunung ing papan asliné lan dadi jeneng desa dhaérah kasebut.[1] Watu prasasti lan barang-barang tinggalané Kerajaan Sunda ana ing komplek iki. Ing watu prasasti ana ukiran ukara-ukara nganggo basa Sunda Kuna.[1] Prasasti iki digawé ing mangsa pamaréntahan Surawisesa (1521-1535), yaiku salah sawijiné putra saka Prabu Siliwangi, Raja Pajajaran.[2] Ing jeroné ana watu terasir 15 sing kawangun saka 6 watu ing jero bangunan cungkup, 2 watu ing serambi, lan 6 watu ing ngarepan.[2]

Papan Panggonan[sunting | sunting sumber]

Prasasti Batutulis taun 1920-an
Prasasti Batutulis ing taun 1920-an

Prasasti Batutulis dumunung ing jero sawijining bangunan ing pinggir Dalan Raya Ratu Tulis, Kelurahan Batu Tulis, Kecamatan Bogor Kidul.[3] Kanthi geografis, dumunung ing koordinat 106 º 48 '32 "BT lan 06 º 37' 25" LS, lan dumunung ing kadhuwuran 510 m saka permukaan segara.[3] Amba dhaérah prasasti yaiku 255 m² lan ana bangunan gedhong ambané 18 m². Ing sakupengé situs prasasti Batutulis ana watu jejeg, watu dhatar, watu relief, watu kang ana luwangané, lan liya-liyané.[3] Lingkungan Prasasti Batutulis saiki dadi pemukiman kang cukup padhet. Prasasti Batutulis dumunung watara 3 km sisih kidul saka pusat Kutha Bogor, watara 20 km sisi wétan Istana Batu Tulis.[3]

Ing kompleks prasasti ditemokaké Batu Tapak kang miturut sujarahé yaiku tilas tapak sikil Prabu Surawisewa.[4] Ana uga méja watu tilas papan sesajèn ing saben pahargyan, watu tilas cadhangan tahta kanggo raja kang ditunjuk, watu lingga lan tonggak watu lima minangka punakawan (emban) saka watu lingga.[4] Watu lingga iki tilas tonkat pusaka kerajaan Pajajaran kang dadi lambang kasuburan lan kekuwatan.[4] Watara 200 m saka kompleks prasasti, ana dhaérah kang diarani Panaisan yaiku tilas alun-alun kerajaan ditemokaké dhaérah watu papat. Dhaérah watu kasebut yaiku patung Purwakali, Gelak Nyawang, Kidang Pinanjung lan Layung. [4]

Sujarah[sunting | sunting sumber]

Panalitiyan ngenani tulisan ing Prasasti Batutulis Bogor wiwit dilakokaké taun 1806 kanthi nggawé céthakan tangan kanggo Universitas Leiden, Belanda.[5] Déné usaha kanggo maca prasasti sepisanan dilakokaké déning Friederich ing taun 1853.[5] Cathetan sujarah babagan Prasasti Batutulis Bogor kang sepisanan digawé déning Scipio kang nindakaké lelampahan menyang dhaérah Bogor diteraké déning pendhudhuk Kedunghalang lan Parung Angsana.[5] Scipio nggawé lapuran dhateng Gubernur Jenderal Joanes Camphuijs kang ditulis ing tanggal 23 Desember 1687 lan nyebutaké bilih puing istana Padjajaran, mliginé panggonan lungguh raja dikrubuti lan dirumat déning sawetara macan.[5] Dinuga saka kéné iki tuwuh mitos bilih pasukan Padjajaran wis gumanti dadi macan.[5]

Prasasti Batutulis Bogor iki dadi salah sawijining pituduh anané Kerajaan Sunda Pakuan Padjajaran kang umuré arep sa-abad (97 taun).[5] Kerajaan Pakuan Pajajaran sepisanan dipréntah déning Sri Baduga Maharaja (1282-1521) lan banjur dipréntah déning Prabu Surawisesa (1521-1535), Ratu Dewata (1535-1543), Ratu Sakti (1543- 1551), Ratu Nilakendra (1551-1567), lan Raga Mulya (1567-1579).[5]

Isi Prasasti[sunting | sunting sumber]

  • Wangna pun ini sakakala, prebu ratu purane pun,
  • diwastu diya wingaran prebu guru dewataprana
  • di wastu diya wingaran sri baduga maharaja ratu haji di pakwan pajajaran seri sang ratu dewata
  • pun ya nu nyusuk na pakwan
  • diva anak rahyang dewa niskala sa(ng) sida mokta dimguna tiga i(n) cu rahyang niskala-niskala wastu ka(n) cana sa(ng) sida mokta ka nusalarang
  • ya siya ni nyiyan sakakala gugunungan ngabalay nyiyan samida, nyiyan sa(ng)h yang talaga rena mahawijaya, ya siya, o o i saka, panca pandawa e(m) ban bumi

Terjemahan[sunting | sunting sumber]

  • Moga slamet, iki tandha pangeling Prabu ratu suwargi
  • Didadèkaké dhèwèké mawa jeneng Prabu Guru Dewataprana,
  • didadèkaké manèh dhèwèké kanthi jeneng Sri Baduga Maharaja Ratu Aji ing Pakuan Pajajaran Sri Sang Ratu Dewata
  • Dhèwèké kang nggawé galengan (pertahanan) Pakuan.
  • Dhèwèké putra Rahiyang Dewa Niskala kang disarékaké ing Gunatiga, putu Rahiyang Niskala Wastu Kencana kang disarékaké menyang Nusa Larang.
  • Dhèwèké kang nggawé tandha pangeling arupa gunung-gunungan, nggawé undhak-undhakan kanggo hutan Samida[6], nggawé Sahiyang Tlaga Rena Mahawijaya (digawé) ing taun Saka Panca Pandawa Ngemban Bhumi.[7].


Prasasti Batutulis digawé Raja Surawisesa kanggo mèngeti jasa raja sadurungé, Jayadewara utawa Sri Baduga Maharaja kang wis mbenèkaké Pakuan Pajajaran kanthi nggawé galengan pertahanan, gunung-gunungan, ngatosaké dalan nganggo watu, nggawé alas Samida, lan nggawé tlaga Rena Mahawijaya, lan angkané taun bentuké candrasengkala "Panca pandawa ngemban bumi" kang padha karo taun 1455 Saka (1533 M).[3] Prasasti iki minangka sawijining sakakala utawa tandha pangeling kanggo mèngeti 12 taun sédané Sri Baduga Maharaja kang kuwasa 39 taun suwéné (1482-1521).[3] Budaya agama Hindu mangerteni upacara Srada kang dilakokaké 12 taun sawisé séda minangka panyampurna sukma. Prasasti iki digawé taun kaping 12 (1533 M) sawisé Sri Baduga Maharaja séda ing taun 1521. Taun 1455 Saka kang ana ing prasasti jumbuh karo taun 1533 M.[3] Déné alas Samida kang dimaksud dinuga saiki kang dadi Kebun Raya Bogor.

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c (id)Mengenal Sejarah Prasasti Batutulis(diundhuh 26 Oktober 2012)
  2. ^ a b (id)Prasasti Batutulis(diundhuh 27 Oktober 2012)
  3. ^ a b c d e f g (id)Prasasti Batu Tulis(diundhuh 23 Februari 2013)
  4. ^ a b c d (id)Prasasti Batu Tulis di Bogor(diundhuh 23 Februari 2013)
  5. ^ a b c d e f g (id)Prasasti Batutulis Bogor(diundhuh 23 Februari 2013)
  6. ^ Lokasi hutan samida ini konon yang sekarang dipakai sebagai Kebun Raya Bogor.
  7. ^ Ini adalah sangkala yang artinya adalah 5 5 4 1 atau kalau dibalik adalah 1455 Saka (1533 Masehi)---
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Prasasti_Batutulis&oldid=835118"