Pinisi
Pinisi yaiku kapal layar tradhisional khas saka Indonésia, kang asalé saka Suku Bugis lan Suku Makassar ing Sulawesi Kidul.[1] Kapal iki umumé duwé cagak utama loro lan duwé layar pitu, yaiku telu ing pucuk ngarep, loro ing ngarep, loro ing buri; umumé dienggo kanggo ngangkut barang antar pulo.[1] Pinisi yaiku kapal layar kang nganggo jenis layar sekunar kang diwènèhi pitung lembar layar kang duwé arti yèn to nenek moyang bangsa Indonésia bisa ngliwati pitung samudra gedhé ing donya.[1]
Sajarah [sunting]
Kapal kayu Pinisi wis dienggo ing Indonésia wiwit pirang-pirang abad kapungkur, kapal pinisi dianggep wis ana wiwit sadurungé taun 1500-an.[2] Miturut naskah Lontarak I Babad La Lagaligo ing abad kaping 14, Pinisi pisanan digawé Sawerigading, Putera Mahkota Kerajaan Luwu kanggo menyang negeri Tiongkok kanggo nglamar Putri Tiongkok kang duwé jeneng We Cudai.[2]
Sawerigading kasil lunga menyang negeri Tiongkok lan nggarwa Puteri We Cudai.[2] Sawisé mapan suwé ing negeri Tiongkok, Sawerigading balik ing kampung lan nggunakaké Pinisiné ing Luwu.[2] Nalika arep mlebu wilayah Luwu kapal diterak ombak gedhé lan Pinisi sigar dadi telu lan kerem ing désa Ara, Tanah Beru lan Lemo-lemo.[2] Masyarakat ing telung désa kuwi mau banjur ngrakit pecahan kapal kang sigar dadi perahu kan banjur dijenengké Pinisi.[2]