Perang Lebanon 2006
| Konflik Israel-Lebanon 2006 | |
|---|---|
| Data | |
| Tanggal: | 12 Juli 2006 - |
| Lokasi: | Lebanon lan Israel |
| Alesan: | Serangan sayap militer Hizbullah pada sebuah pos penjagaan perbatasan Israel pada 12 Juli 2006 sehingga 8 serdadu Israel tewas dan 2 lainnya ditawan. |
| Pihak sing terlibat | |
| Israel: | |
| Hizbullah: | |
| Libanon: | |
| Pamimpin | |
| Israel: | |
| Lebanon: | Hassan Nasrallah (Pemimpin Hizbullah) |
| Kakuwatan militer (jumlah) | |
| Israel: | |
| Hizbullah: | 3.000 - 10.000 |
| Lebanon: | |
| Kurban | |
| Israel: | 125 tentara tiwas, 517 tatu, 2 ditawan, puluhan ewu pengungsi, watara 50 tank Merkava ajur |
| Hizbullah: | 42-200 tiwas |
| Lebanon: | (Sipil) 481-750 tiwas, 480-1100 tatu, 800.000 pengungsi (Militer) 23 tiwas, 67 tatu |
Konflik Israel-Lebanon 2006 iku rangkéan tindakan militèr lan bentrokan terus-terusan ing Israel lor lan Libanon sing nglibataké Hizbullah lan Angkatan Pertahanan Israel (Israeli Defence Force utawa IDF).
Konflik iki miwiti tanggal 12 Juli 2006, nalika Hizbullah nyerang kutha Shlomi ing Israel lor nganggo rudal Katyusha, sabanjuré pasukan Hizbullah nyusup menyang wilayah Israel. Jroning serangan kasebut, telu prajurit Israel diprejaya, loro tatu, lan loro diculik[1]. Prastawa iki banjur diterusaké kanthi serangan Hizbullah menyang wilayah Israel sing ndadèkaké wolu tentara Israel tiwas lan nyidrani luwih saka 20 jiwa[2]. Israel banjur mbales kanthi Operasi Just Reward ("Balesan sing adil"), sing jenengé banjur diowahi dadi Operasi Change of Direction ("Owah-owahan arah"). Serangan balesan iki nyakup témbakan rokèt sing ditujokaké menyang Libanon lan pangeboman déning Angkatan Udara Israel (IAF), blokade Udara lan segara sarta sawetara serangan cilik menyang wilayah Libanon kidul déning tentara dharat IDF.[rujukan?]
Siji warganegara Indonesia sing nyambutgawé dadi TKI, Siti Maemunah binti Muhtar Bisri, dilaporaké tewis ing Libanon minangka kurban rudal sing diluncuraké Israel ing tanggal 11 Juli kasebut. [3]
[sunting] Sumber