Panthéon, Roma
Pantheon yaiku sawijining bangunan kang dikonstruksekake ing taun 27 SM minangka kuil kang duweni bentuk bunder kan ana ing pusat kutha Roma.[1][2] Pembangunan kuil iki rampung ing mangsa pemerintahan Kaisar Hadrian (118 SM-28 M) ing taun 126 M.[1] Hadrian mbangun kuil iki kanggo sesembahan marang dewa-dewa Romawi.[2] Jeneng Pantheon asale saka basa Yunani kang ateges Omahe Kabeh Dewa.[1] Kuil iki digunakake minangka gereja saka taun 609 nganti 1885 banjur dadi gereja lan kanggo kuburane pahlawan nasional Italia.[1] Tokoh-tokoh misuwur kan dikubur ing kono yaiku Raja Emmanuel I lan pelukis Renaissance, Raphael.[1]
[sunting] Sejarah
Struktur bangunan Pantheon iki wis digunakake suwene luwih saka 1800 tahun.[3] Wiwitane, panggonan iki digunakae kanggo muja 7 dewa Romawi saka 7 planet kanthi gaya Greco-Romawi.[4][5] Jnenge asale saka basa Yunani "Pantheion" kang ateges Omahe Kabeh Dewa.[5] Pembangunane diprakarsai dening Marcus Vipsanius Agrippa, ssawijining jenderal Romawi mantune Kaisar Agustus saka taun 27 – 25 SM kanggo mengeti menange pasukan Octavian nalika Pertempuran Actium tanggal 2 September 31 SM karo pasukan Mark Anthony lan Cleopatra.[4] Ora dingerteni sapa arsitek kuil iki, nanging kira-kira Apollodorus saka Damaskus.[5] Nanging ing taun 80 ngalami kobongan lan kang isih sisa mung bangunan tiang portico (èmpèr ngarep).[4] Hadrianus ndandani Pantheon yaiku ing taun 118-125 lan nambahi bangunan kang bentuke bunderan (rotunda) kanthi rancangan Septimius Severus lan Caracalla.[5]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e (2006) World Book Encyclopedia - P. World Book, Inc. ISBN 0-7166-0106-0.
- ↑ a b Steven, Mark A (2000). Merriam Webster's-Collegiate Encyclopedia. Merriam Webster, Inc , Springfield, Massachusetts. ISBN 0-87779-071-5.
- ↑ (en) Roman Architecture - The Pantheon, oldandsold. Diundhuh tanggal 10 Mei 2010.
- ↑ a b c (en) Roman Pantheon Architecture, buzzle. Diundhuh tanggal 10 Mei 2010.
- ↑ a b c d (en) [1] italian-architecture Diundhuh tanggal 10 Mei 2010