Pangepungan Leningrad
| Pangepungan Leningrad | |||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Bagéan saka Perang Donya II | |||||||
|
|||||||
| Pihak sing kalibat | |||||||
| Komandhan | |||||||
| Cithakan:Country data Soviet Union Kliment Voroshilov Cithakan:Country data Soviet Union Georgy Zhukov Cithakan:Country data Soviet Union Leonid Govorov |
|||||||
| Kakuwatan | |||||||
| 725.000 tiyang | 930.000 tiyang | ||||||
| Cacahé korban | |||||||
| ? | 300.000 militer, 16.470 sipil amargi pangeboman, 1 juta sipil amargi kaluwén |
||||||
Pangepungan Leningrad (basa Rusia: блокада Ленинграда, blokada Leningrada), nalika Perang Donya II, dipunwiwiti saking 8 September 1941,ngantos dumugi 8 Januari 1944, inggih menika pangepungan Jerman dhateng Kutha Leningrad (samenikaSt.Petersburg) ing Soviet Rusia.[1] Pangepungan menika dados pangepungan ingkang paling nrenyuhaken ing sajarah, mliginipun tumrap tiyang ingkang manggén ing Kutha Leningrad (samenika dados Kutha Saint Petersburg) ingkang ing nalika semanten dipunkepung (blokadhé) déning Jerman.[1]
Kirang saking kalih setengah wulan sasampunipun Uni Soviet dipunserang déning Nazi Jerman, tamtama Jerman sampun caket kaliyan Kutha Leningrad.[2] Tamtama Abrit sampun dipunkepung nalika tanggal 8 September 1941, Jerman sampun saged ngepung Leningrad.[2] Pangepungan menika dangunipun ngantos 900 dinten, saking tanggal 8 September 1941 ngantos dumugi 27 Januari 1944.[2] Kutha ingkang padunungipun ngantos tigang yuta tiyang (kalebet 400.000 laré) boten kersa nyerah dhateng Nazi Jerman saéngga dados kasisahan.[2] Stok dhaharan lan bahan bakar namung cekap kanggé kalih wulan kemawon, transportasi umum boten saged mlampah, boten wonten pasokan toya, boten wonten listrik, lan dhaharan ingkang sakedhik sanget.[2] Nalika wulan Januari 1942 ing mangsa adhem, boten kados limrahipun jatah dhaharan namung wonten 125 gram roti saben tiyang saben dintenipun.[2] Namung ing wekdal kalih wulan, Januari lan Februari taun 1942, 200.000 tiyang ing Leningrad tilar donya amargi kadhemen lan kaluwén.[2]
Pranala Njawi [sunting]
(en)The 900-day Siege of Leningrad
Cathetan Suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.