Opera Jawa (Film)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Opera Jawa (Film)
Topeng rama5.JPG
Salah sijiné adhégan ing Opera Jawa kang diparagakake dening Miroto.
Sutradara Garin Nugroho
Produser Garin Nugroho
Panulis Armantono
Garin Nugroho
Paraga Artika Sari Devi
Martinus Miroto
Eko Supriyanto
I Nyoman Sura
Retno Maruti
Jecko Siompo Pui
Slamet Gundono
Musik déning Rahayu Supanggah
Sinematografi Teoh Gay Hian
Panyunting Andhy Pulung Waluyo
Distributor SET Film Workshop
Durasi 120 menit
Negara Indonesia


Opera Jawa yaiku film kang ditulis déning Armanto lan Garin Nugroho.[1]. Film iki nggabungaké unsur seni drama, tari, busana tradhisional lan uga ngatonaké éndahing panorama Indonesia Film kang gigarap déning Garin Nugroho kasebut kasebut njupuk setting ing saperangan papan kayata Kraton Surakarta lan Yogyakarta. [2] Ing film iki, Garin uga nggandhéng seniman akademis saka Institut Seni Indonesia Surakarta.[1] Paraga utama dipercayakaké marang Martinus Miroto kang maragakaké Setyo, Artika Sari Devi minangka Siti, Eko Supriyanto minangka Ludiro,Retno Maruti minangka Sukesi, Jecko Siompo Pui minangka Anom, I Nyoman Sura minangka Sura aln Slamet Gundono minangka Pewarta.[2]

[sunting] Critané

Opera Jawa nggambaraké lelakoning urip kang akeh konflik lan masalah adhedhasar lakon Ramayana.[1] Opera Jawa nyeritakaké katresnan antarané Setyo, Siti, lan Ludiro.[3] Film kasebut kawiwitan déning pambuka saka Slamet Gundono kang ngandharaké ringkesaning crita. Ing bagéyan saterusé crita ngenani Setyo, Siti, lan Ludiro kawiwitan.[2] bagéyan pisanan ngatonaké éndahing katresnan antarané Setyo lan Siti.[2] Kaéndahan iki banjur dirusak dening Ludiro kang meneng-meneng tresna marang Siti.[2] Ludiro kang nduwe kekuwasaan digambarake nganggo panggonan jagal sapi.[2] Sejatine, dhéwéké iku banget ngrasakaké sepi.[2] Mula saka iku Ludiro duwé pamikiran ngrebut Siti saka Setyo banjur didadékaké bojo.[2] Nganggo sugih bandhané, Ludiro bisa ngéntukaké Siti. Pacoban kang dilakoni Setyo teka makaping-kaping.[2] Wiwit usaha grabahé kang tuna tekan bojone kang direbut wong liya.[2] Perkara katresnan iki jebul ndadékake prang gedhé kang tumuju ing pati. Ciri unik kang ana ing film iki yaiku sakabéhing pacelathon katindakaké nganggo tembang Jawa lan tari.

[sunting] Penghargaan

Film Opera Jawa ora mung dipasaraké ing Indonesia, nanging uga nganti Eropah.[4] Film iki diputer ing Eropah pisanan nalika sasi September 2007 ing London.[4] Saliyané iku, film Opera Jawa uga éntuk sapérangan penghargaan ing festival-festival film kayata:[2]

  1. Mlebu nominasi Festival Film Internasional Venesia 2006
  2. Festival Film Internasional London 2006
  3. Festival Film Internasional Toronto 2006
  4. Festival Film Indonesia 2006 éntuk nominasi kanggo kategori film layar lebar.
  5. Festival International Film Independent Bruxelles Kaping 35 ing Brussel, Belgia, 4-9 November 2008, film iki éntuk penghargaan paling dhuwur kanggo kategori film paling apik, sutradara paling apik (Garin Nugroho), lan aktris paling apik (Artika Sari Devi)
  6. Best Film Asia 2007 ing The 20th Singapore International Film Festival (SIFF)[5]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c (id)Opera Jawa(dipunundhuh 12 maret 2011)
  2. a b c d e f g h i j k (id)Opera Jawa, Kontroversial Kesetiaan dalam balutan Teater(dipunundhuh 12 maret 2011)
  3. (en)Opera Jawa (dipunundhuh 12 Maret 2011)
  4. a b (id) Garin Nugroho Pasarkan Opera Jawa ke Eropa (dipunundhuh 15 Maret 2011)
  5. (id)"Opera Jawa" Raih Best Film (dipunundhuh 13 Maret 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Opera_Jawa_(Film)&oldid=512509"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès