New Amsterdam

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
New Orange, c. 1674

New Amsterdam/Amsterdam Anyar (basa Walanda: Nieuw Amsterdam) iku jeneng saka dhaérah pamukiman mawa bèntèng ing koloni Provinsi Walanda Anyar nalika abad ka-17 sing saterusé dadi New York City. Kutha iki didegaké nalika taun 1625 déning Perusahaan Hindhia Kulon Walanda, manggon ing pojok kidul pulo Manhattan sing strategis lan dimaksudaké kanggo ngreksa jalur mlebu usaha padagangan wulu sing dikuwasani perusahaan kasebut ing Lembah Hudson. New Amsterdam ngrembaka dadi dhaérah pamukiman kolonial Walanda paling gedhé ing Amérika Lor lan ana ing kakuwasané nganti taun 1664, nalika tiba kanggo sauntara wektu menyang tangan Inggris. Walanda ngrebut manèh nalika taun 1673 lan dijenengi "Nieuw Oranje" (basa Inggris: "New Orange"), nanging ora suwé sabanjuré dipasrahaké manèh sacara permanèn menyang tangan Inggris nalika taun 1674. Taun diadegaké kutha iki 1625 dipèngeti jroning Lambang Resmi Kutha New York (sadurungé katulis taun 1664, taun pambentukané déning pihak Inggris).

Delengen: Kolonisasi Walanda ing Amérika, Sajarah Kutha New York

[sunting] Réferènsi

  • Hugh Morrison, Early American Architecture ISBN 0-486-25492-5 (Oxford University Press, 1952) [Dover Ed. 1987]
  • Russel Shorto, The island at the center of the world : the epic story of Dutch Manhattan, the forgotten colony that shaped America ISBN 0-385-50349-0 (New York : Doubleday, 2004.)

Cithakan:Dhaérah tilas panjajahan Walanda

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=New_Amsterdam&oldid=617254"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès